Jeotgal

Jeotgal ya iku jinis panganan fermentasi kas Koréa kang digawé saka pirang-pirang jinis produk laut kaya ta iwak, kerang, lan urang.[1][2] Jeotgal difermentasekake nganggo uyah mula rasané asin.[1] Lingkungan ujung Koréa diubengi déning lautan kang dadi papan panggonan pertemuan arus panas lan atis mula cacah lan jinis produk laut warna-warna.[1] Saliyané nyambut gawé minangka tani, wong Koréa uga dadi warigaluh nalika mangsa tandur durung dimulai.[1] Sajarah jeotgal wis ana kawit jaman kraton Silla lan ing tèks sajarah tinulis yèn ratu kang ngawini sawijining wanita bakal mènèhi jeotgal marang maratuwane minangka bebungah.[1] Ing jaman Dinasti Goryeo lan Joseon, produk jeotgal luwih akèh lan bervariasi tinimbang saiki lan lan dadi lawuh wigati ing méja mangan nalika iku.[1] Jinis-jinis produk laut kang bisa digawé dadi jeotgal ya iku urang, teri, kerang, nus, croaker, pollack, urang cilik, gurita, conch, hairtail lan liya-liyané.[1] Métodhe kanggo ngawétake uga warna-warna nanging lumrahé sawisé sesasi utawa luwih diawetake, jeotgal olih dipangan.[1] Nalika dimakan, jeotgal diwènèhi bawang perai utawa bawang putih kanggp nambahi rasané.[1] Kajaba iku uga bisa dipangan bareng kimchi atau janganan.[1] Jeotgal kerep dadi bahan kang ditambahake ing godhogan (jjigae) lan sup (guk).[1]

Jeotgal

Cathetan suku