Laos (nagara)

nagara ing Asia Kidul-Wétan

Républik Dhémokratik Rakyat Laos punika salah satunggalipun nagara kang misuwur ana ing daratan ing Asia Kidul-Wétan, duwé tapel wates Myanmar kaliyan Républik Warga Cina ing sisih kulon-sagara, Vietnam ing Wétan, Kamboja ing kidul lan Thailand wonten ing sisih kilenipun. Awit abad ka-14 ngantos dumugi abad ka-18, nagara punika ugi ingaran Lan Xang utawi "Negri Sewu Gajah".

ສາທາລະນະລັດປະຊາທິປະໄຕ
ປະຊາຊົນລາວ
Sathalanalat Paxathipatai Paxaxon Lao
Gendéraning Laos
Gendéra
Aditamènging Laos
Aditamèng
Motto: (gantibasa) "Pangakur, Kamardhikan, Dhémokrasi, Pangumpulan lan Kamakmuran"
Gunagita: Pheng Xat Lao
Dunungpenering Laos
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Vientiane
JawatbasaLaos
PapréntahanNagara kuminis
• Présidhèn
Choummaly Sayasone
• Nayakotama
Bouasone Bouphavanh
Kamardikan
• Banyu (%)
2%
Population
• Pikira-kira 2005
6.217.141 (101)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$11,14 miliar (133)
• Saben wong
US$1.921 (146)
ArtacihnaKip (LAK)
Laladan wektuUTC+7
Nyetir ingtengen
Kodhé bèl856
TLD internèt.la

Babad

Babad Laos dipundhominasi déning Karajan Nanzhao, ingkang dipunlajengaken ing abad kaping 14 déning karajan lokal Lan Xang ingkang nguwaosi wewengkon Laos ngantos abad kaping 18, sasampunipun Thailand nguwaosi karajan mau. Salajengipun Perancis nguwaosi wewengkon punika ing abad kaping 19 lan nggabungaken wewengkon punika dhateng Indochina Prancis ing taun 1893. Sasampunipun dipunjajah Jepang sadangunipun Perang Donya II, nagara punika mardikaken dhiri ing taun 1949 kanthi nama Karajan Laos ing sangandhapipun parentah Raja Sisavang Vong.Ontran-ontran pulitik ing nagara tetangga Vietnam njalari nagara Laos kedah ngadhepi perang Indochina kapara ugi langkung ageng (diarani uga Perang Rahasia) kang adamel salah satunggalipun faktor perang saudara lan ugi kudeta. Nalika taun 1975 kaum kuminis Laos ingkang dipunsurung Uni Soviet lan kuminis Vietnam saged ngusir pamaréntah Raja Savang Vatthan. Sasampunipun saged nggeser papréntahan kasebat, karajan kasebat dipun-gantos namanipun dados Républik Dhémokratik Warga Laos ingkang taksih madeg jumeneng ngantos dumugi sapunika. Gayut pasedherekan antawisipun Laos lan Vietnam saya raket kanthi ngendhuraken larangan ékonomi ing taun 1980-an lan mlebet ASEAN nalika taun 1997.

Pulitik

Namung satunggal Parté ingkang dipunakeni ing nagara Laos inggih punika Parté Revolusioner Rakyat Laos (LPRP). Kepala nagara nagaranipun inggih punika présidhèn ingkang dipuntemtokaken déning parlemen kanggé mangsa kalungguhan 5 taun. Kepala papréntahan Laos inggih punika Nayakotama ingkang dipuntunjuk déning présidhèn kanthi pasarujukan saking parlemen. Kabijakan papréntahan dipuntemtokaken déning parté kanthi 9 anggota ingkang gadhah pangaribawa utawi kakuaosan ingkang ageng sanget Politbiro lan 49 anggota Komite Pusat. Kaputusan pamaréntah ingkang dipunanggep mligi/wigati dipuntemtokaken Dewan Mantri.

Laos nganut konstitusi énggal awit taun 1991. Lan ing taun salajengipun, pemilu dipunwontenaken kanggé 85 kursi énggal Majelis Nasional ingkang anggotanipun dipunpilih kanthi telik sandhi (rahasia) kanggé mangsa kalungguhan 5 taun. Parlemen tunggal punika dipunkembangaken wiwit pemilu 1997 dados 99 anggota, nyarujuki sadaya ukum énggal, sanajan présidhèn ingkang nyepeng kakuaosan kanggé ngedalaken dekrit ingkang sipatipun ngiket (ngandhut ukum ingkang ngiket).

Turahan saking kelompok ètnis Hmong ingkang gadhah aliansi kaliyan Amérikah Sarékat, nalika Perang Vietnam ndhèrèk konflik kaliyan rezim kuminis Laos awit taun 1975. Kanthi wontenipun sawatawis lapuran babagan penyerahan dhiri ètnis Hmong ing medhia internasional, konflik punika dados saya ical. Sampun kathah anggota ètnis Hmong ingkang sampun nglebur gesang sesarengan kaliyan masarakat.

Pamerangan administratif

Laos dipunperang dados 16 provinsi (khoueng), 1 kotapraja* (kampheng nakhon), lan 1 laladan mirunggan** (khetphiset):

  1. Attapu
  2. Bokeo
  3. Borikhamxay
  4. Champassack
  5. Houaphan
  6. Khammouane
  7. Louang Namtha
  8. Louangphabang
  9. Oudomxay
  10. Phongsaly
  11. Saravane
  12. Savannakhet
  13. Vientiane *
  14. Provinsi Vientiane
  15. Xaignabouli
  16. Saysomboun **
  17. Xekong
  18. Xiangkhoang

Géografi

Laos inggih punika nagara ingkang kaimpit déning daratan ing Asia Kidul-Wétan ingkang dipunkebaki wana ingkang ageng lan ugi awujud gunung-gunung, lan salah satunggal gunung ingkang paling ageng ing Laos inggih punika Phou Bia kanthi inggil 2.817 m saking lumah laut. Laos ugi gadhah dataran endhek lan dhataran inggil. Kali Mekong mbentuk sapérangan ageng saking tapal wates kaliyan Thiland, lan rangkean pagunungan saking Rantai Annam mujudaken sapérangan ageng tapel wates sisih wétan kaliyan Vietnam. Iklim Laos inggih punika tropis lan dipunprabawai déning angin mangsa. Mangsa rendheng dipunwiwiti saking sasi Mèi ngantos November, dipunlajengaken mangsa garing awit Dhésèmber ngantos April.Kutha krajan lan kutha ingkang paling ageng inggih punika Vientiane, kutha-kutha ageng sanèsipun inggih punika Luang Prabang, Savannakhet, lan Pakse.

Pranala njaba