School tot Opleiding van Indische Artsen

School tot Opleiding van Indische Artsen (basa Jawa: Sekolah Pawiyatan Dhokter Hindia), utawa luwih ditepungi mawa cekakan STOVIA, ya iku sekolah kadhokteran pribumi ing Batavia nalika jaman kolonial Hindia-Walanda. STOVIa saiki dadi Fakultas Kedhokteran Universitas Indonésia[1].

Wangunan STOVIA

Sajarah

Samar amarga kurangé juru kaséhatan kanggo ngadhepi wabah lelara sing saya akèh lan bebayani ing tlatah sing kajajah, Pamaréntah Hindia-Walanda banjur nggawé kursus juru keséhatan ing Indonésia. Tanggal 2 Januari 1849, diwetokaké Surat Dudutan Gubernemen no. 22 ngenani kursus kaséhatan, kanthi mapan ana ing Griya Sakit Militèr (saiki RSPAD Gatot Subroto) ing kawasan Weltevreden, Batavia (saiki Gambir lan saubengé)[1].

Tanggal 5 Juni 1853, kagiyatan kursus juru keséhatan saya maju, banjur liwat Surat Dudutan Gubernemen no. 10 dadi Sekolah Dhokter Djawa, kanthi suwéné telung taun. Lulusané duwé gelar "Dhokter Djawa", nanging luwih akèh sing dadi mantri cacar[2].

Sabanjuré Sekolah Dhokter Djawa saya maju lan kuriulumé uga saya tumata. Taun 1889 jenengé diganti dadi School tot Opleiding van Inlandsche Geneeskundigen (utawa Sekolah Pendidikan Ahli Ilmu Kedhokteran Pribumi), banjur taun 1898 dirubah manèh dadi School tot Opleiding van Inlandsche Artsen (utawa Sekolah Dhokter Pribumi). Akhiré taun 1913, tembung Inlandsche (pribumi) dirubah dadi Indische (Hindia) amarga sekolah iki banjur dibuka kanggo sapa baé, kalebu penduduk keturunan "Timur Asing". Tuladhané penduduk keturunan Tionghoa, Arab,India lan Éropah[2].

Jeneng STOVIA tetep digunakaké nganti tanggal 9 Agustus 1927, ya iku nalika pendidikan dhokter resmi ditetapaké dadi pendidikan tinggi, kanthi jeneng Geneeskundige Hoogeschool (utawa Sekolah Tinggi Kedhokteran). Nalika penjajahan Jepang dirubah dadi Ika Daigaku (Sekolah Kedhokteran) lan Perguruan Tinggi Kedhokteran Republik Indonesia nalika nembé mardika. Awit 2 Fèbruari 1950, Pamaréntah Republik Indonesia ngrubah dadi Fakultas Kedhokteran Universitas Indonésia, nganti tekan saiki[2].

Pranala njaba

Rujukan