Poppy Bunga

Poppy Bunga (lair ing Jakarta, 26 Oktober 1991; umur 32 taun) ya iku pemain sinétron Indonésia, Dhèwèké iku model lan bintang sinétron Indonésia.[1]Poppy ngawali karir ning dunya hiburan liwat ajang Cover Girl Aneka taun 2004.[1]

Poppy Bunga
Lair (1991-10-26) Oktober 26, 1991 (umur 32)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
PakaryanAktris
Taun aktif2004 - saiki
Wong tuwaUsman Muksin
Susi Hendiyati

Dhèwèké anak terakir saka pasangan Usman HM lan Susi Hendiyati.[1]Poppy olih tawaran iklan lan sinétron.[1]Sinetroné kang pisanan ya iku, KAFIR kang diputer ning stasiun Tv Swasta, SCTV.[1]

Kenya kang duwé dhuwur 165 cm lan berat 48 kg iki tambah kondhang sawisé mbintangi sinétron PUTRI kang meranaké Lia, sinétron kang uga diputer ning Stasiun Televisi SCTV.[1]Sinetroné kang seje, kaya ta PINGIN JADI BINTANG, CAHAYA SURGA, INIKAH CINTA, DONGENG, LEGENDA, KANGEN lan CINDERELLA.[1]

Kauripan asmarané Poppy uga lumayan menarik.[1]Sawisé gayutan asmarané karo Dwi Andika kandas, dhèwèké bali manèh njalin gayutan karo mantané yauku Mandala Shoji kang nyambut gawené dadi juru main sinétron lan presenter.[1]Malah, salawasé njalin gayutan cinta karo Mandala.[1]Poppy dikabaraké wis nggomah bareng karo Mandala tanpa ikatan nikahan.[1]

Nanging, akir-akir iki, sakloron dikabaraké wis putus nalika tengah sasi Januari.[1]Kabaré, saka pihak lanang utawa wadoné wis pada selingkuh dhéwé-dhéwé.[1]

Awal sasi Juni 2009, jenengé Poppy sempét disorot karo infotaimen ning TV.[1]Amarga nyebaré foto mesrané karo Edwin Abeng ninf dunya maya.[1]Nanging saka pihak Poppy utawa Edwin mbantah anané gayutan mirunggan, sakloron namung kekancanan.[1]

Bintang BIDADARI JAKARTA iki malah akiré njlèntrèhaké gayutané karo aktor anyaran, Meidian Muladi Fasha.[1]Taun 2011, Poppy Bunga nyoba ngepakaké sayap ning belantika dunya hiburan tanah air, ora namung ngandalaké ayuné.[2]Dhèwèké uga mentingaké kualitasé babagan nyipta karya supaya tetep berkualitas lan bisa diterima masarakat.[2]Dhèwèké nyoba dunya nyanyi, lan tampil ngedance.[2]

Cathetan suku