The Accountant (filem)

The Accountant nggih punika film Amérikah Sarékat ingkang kadamel taun 2016. Film punika dipunarahaken déning Gavin O'Connor, adhedhasar saking skéénario ingkang dipunanggit déning. Wondéné ingkang sami maragani filem punika antawisipun Ben Affleck, Anna Kendrick, J. K. Simmons, Jon Bernthal, Jeffrey Tambor lan John Lithgow. The Accountant kapirsanan kaping pisan wonten ing Los Angeles surya 10 Oktober 2016, lajeng dipunbabar kagem sagung pamirsa Amérikah Sarékat ing surya 14 Oktober 2016 déning Warner Bros. Pictures. Filem ingkang dangunipun satus wolu likur menit punika mbetahaken ardhana dumugi $ 44 yuta, lan saget ngempalaken arta dumugi $ 145.3 juta.[3][4][5][6][7][8]

The Accountant
Barkas:The Accountant (2016 film).png
Theatrical release poster
DisutradaraniGavin O'Connor
Diprodhuseri
Lynette Howell Taylor, Mark Williams
Ditulis déningBill Dubuque
Dibintangi
Ben Affleck, Anna Kendrick, J. K. Simmons, Jon Bernthal, Jeffrey Tambor, John Lithgow
DimusikiMark Isham
SinématografiSeamus McGarvey
Dibesut déningRichard Pearson
Perusahaan
prodhuksi
Electric City Entertainment, Advanced Underwriting Concepts, RatPac Entertainment, Zero Gravity Management
Dibabar déningWarner Bros. Pictures
Tanggal metu
Suwéné
128 minutes[1]
NagaraUnited States
BasaInggris
Rantaman$44 million[2]
Kalarisan$145.3 million[2]

The Accountant nyariyosaken babagan setunggalipun pria kang asma Christian Wolff (Ben Affleck) ingkang nglampahi pedamelan minangka akuntan. Christian Wolff punika sarjana akuntansi ingkang sagung wekdalipun namung sambung-raketan kaliyan angka, sanès tiyang-tiyang. Sawijining dinten, Sesirah Kepala Divisi Kejahatan Bagian Departemen Keuangan, Ray King (J. K Simmons) miwiti nyisik melik dhumateng Christian. Christian lajeng sigra milih setunggalipun klien saking perusahaan robotic kagunganipun negari ing mriku dipuntemokaken akuntan ingkang wonten gandhèng cènèngipun kaliyan arta mayuta-yuta dolar.

Juru paraga

  • Ben Affleck minangka Christian "Chris" Wolff
  • Seth Lee minangka Young "Chris"
  • Anna Kendrick minangka Dana Cummings
  • J. K. Simmons minangka Director Raymond "Ray" King
  • Jon Bernthal minangka Braxton "Brax"
  • Jake Presley minangka Young "Brax"
  • Jeffrey Tambor minangka Francis Silverberg
  • John Lithgow minangka Lamar Blackburn[9]
  • Cynthia Addai-Robinson minangka Marybeth Medina
  • Jean Smart minangka Rita Blackburn
  • Andy Umberger minangka Ed Chilton
  • Alison Wright minangka Justine
  • Ron Prather minangka Frank Rice
  • Susan Williams minangka Dolores Rice

Prodhuksi

Surya 12 November 2014, Variety ngedalaken pawartos bilih Anna Kendrick badhé ndèrèk maragani filem punika, sesandhingan kaliyan Affleck.[10] Lajeng, J. K. Simmons ugi mratélaaken sumadya nyawiji.[11] Surya 14 November2014, Jon Bernthal ugi ngendika badhé ndhèrèk wonten proyek fiem niki.[12] Lajeng, surya 6 Januari 2015, Variety ngedalaken pratélan bilih Cynthia Addai-Robinson sampun kadhapuk maragani.[13] Surya 14 Januari 2015, Jeffrey Tambor nyusul mlebet wonten proyek film niku,[14] kalebet John Lithgow.[15] Pandamelan filem kawiwitan ing surya 19 Januari 2015 wonten ing Atlanta, Georgia.[16][17] Wondéné surya 16 dumugi 20 Maret 2016 mundhut papan panggenan wonten ing Georgia Institute of Technology.[18] Pencak silat silat saking Indonesia ugi mlebet wonten ing pendamelan filem punika.[2][19][20][21][22][23][24][25][26][27]

Rujukan

Pranala njawi

  • URL ora tinemu. Tulung isinen URL ing kéné utawa tambahen siji ing Wikidata.
  • The Accountant ing Internet Movie Database