A

A kuwe aksara pertama nang alfabet Latin. Nang basa Inggris aksara kiye dewaca[eɪː]; bentuk jamake aes.[1] Aksara kiye asale sekang aksara Yunani Α (alfa) lan sering digunakna dadi lambang vokal depan terbuka tak bulat. A uga sering digunakna dadi indikasi sing nduweni arti "pertama" utawa "paling apik". Aksara A digunakna nggo tanda aksara kendaraan bermotor nang Indonesia kanggo daerah Banten.

Sejarah

Hieroglif Mesir
"sirah sapi" 
Proto-Semitik
’alp 
Fenisia
alef 
Yunani Kuno
alfa 
Yunani Modern
alfa 
Etruska
Latin Kuno
Latin Modern
A

Aksara A teyeng ditelusuri ming sawijining piktogram sirah sapi lanang nang hieroglif Mesir utawa abjad Proto-Sinaitik.[2]

Sekitare taun 1600 SM aksara nang abjad Fenisia nduwe bentuk linear sing dadi dasar kanggo bentuk-bentuk terusane. Jenenge ana kaitane karo alef nang abjad Ibrani.

Variasi bentuk alfa dalam alfabet Yunani Kuno

Dong bangsa Yunani kuno ngadopsi abjad, dheweke ora nggunakna konsonan celah suara (bunyi hamzah) sing dikandung aksara kiye nang basa Fenisia lan basa-basa Semit liyane, mulane kuwe dheweke nggunakna tanda kiye kanggo vokal /a/, lan mempertahankan jenenge karo owahan cilik (alfa). Nang prasasti-prasasti Yunani sing paling awal seuwise Zaman Kekelaman Yunani, sing kedaden dong abad kaping-8 SM, aksara kiye ditulisna turonan, ningen nang alfabet Yunani sebanjure, aksara kiye umume memper karo aksara gedhe A modern, senajan pirang-pirang variasi teyeng dibedakna.

Bangsa Etruska nggawa alfabet Yunani ming jero peradabane nang Jazirah Italia lan ngejorna aksara kiye ora diowaih. Banjur wong-wong Romawi melu ngadopsi alfabet Etruska kanggo nulis basa Latin, lan aksara sing diasilna banjur dilestarikna nang alfabet Latin modern sing digunakna kanggo nulis akeh basa, klebu basa Inggris.

Tipografi

Variasi-variasi tipografis, termasuk a bertingkat dua dan bertingkat satu.

A Blackletter

A Uncial

Blackletter A lainnya;

A Roman Modern

A Italik Modern

A Huruf tulis Modern


Kode komputasi

Representasi alternatif aksara A
Alfabet fonetik NATOKode Morse
Alpha·–
Bendera isyaratSemaforBraille
Titik kodeAksara gedhe
A
Aksara cilik
a
UnicodeU+0041U+0061
ASCIIDesimal6597
Biner0100000101100001
EBCDIC193129

Referensi

Deleng uga

  • ª
  • Æ
  • Alfa