Basa Banyumasan

basa ngapak

Basa Banyumasan (Aksara Jawa ꦧꦱꦗꦮꦧꦚꦸꦩꦱ꧀ꦱꦤ꧀ translit. Basa Jawa Banyumasan )Yaiku basa utawa omongan sing di enggo sistematika tinentu sing dituturna masyarakat Banyumasan kanggo makili wujude benda, tingkah/polah, gagasan karo kahanan. Basa Banyumasan kiye kadhang diarani basa ngapak, lan uwis dadi salah sijiné ciri wanci/idéntitas masyarakat Banyumasan.

Basa kiye dituturna nang wilayah Banyumasan utawa wilayah iring kulon Jawa Tengah. Basa Banyumasan kiye uwis termasuk salah sijineng dialek basa Jawa sing esih nduweni kaitane karo basa Jawa kuna utawa basa Kawi. Jumlah penutur basa Banyumasan kiye kira-kira ana sekitar: 12 - 15 juta, kiye termasuk wong mBanyumasan sing ana nang perantauan juga.

Klasifikasi

Nang klasifikasi ilmu basa modern, basa Banyumasan kiye termasuk klasifikasi rumpun bahasa:

  • Austronesia
    • Sub Rumpun Malayo Polinesia
      • Melayu Polinesia Barat

Sejarah Masyarakat Jawa

Miturut para pakar basa, minangka bagian sekang basa Jawa, basa Banyumasan kuwe wis ngalami tahap-tahap perkembangan kaya dene:

  • Abad ke-9 - 13 dadi bagian basa Jawa kuna
  • Abad ke-13 - 16 dadi basa Jawa abad pertengahan
  • Abad ke-16 - 20 dadi basa Jawa anyar
  • Abad ke-20 - tekan siki, dadi salah sijining basa Jawa modern.

(Tahap-tahapan kiye ora berlaku secara universal)

Tahap-tahapan perkembangan kiye dipengaruhi sekang muncule krajan-krajan nang pulo Jawa sing wis nuwuhena budaya-budaya feodal. Budaya feodal kuwe mau sing maraih anane tingkatan-tingkatan basa miturut status sosial. Ning budaya feodal kuwe pengaruhe ora patia gedhe nang tlatah Banyumasan. Buktine, basa Jawa Banyumasan tetep bisa mempertahankan tembung-tembung sekang basa Jawa kuna. Ya kuwe sing nyebabena basa Banyumasan jaman siki bedane mandan akeh karo basa Jawa standar. Masyarakat Banyumasan malah ngarani gaya basa Jawa standar bandhekan utawa basa wetanan (timur).

Miturut M. Koderi (pakar budaya & basa Banyumasan), tembung bandhek kuwe secara morfologis asale sekang tembung gandhek sing tegese pesuruh (suruhan/perentahan), maksude wong suruhan Raja sing diutus maring tlatah Banyumasan. Para pesuruh kuwe nganggo gaya bahasa Jawa wetanan (standar) (Surakarta / Yogyakarta) sing pancen beda karo basa Banyumasan.

Dialek-Dialek Basa Jawa

Dialek basa Jawa cacahe ana loro : dialek daerah karo dialek sosial. Sing nyebabena anane dialek loro kuwe merga anane gradasi-gradasi sing beda karo basa Indonesia utawa basa rumpun Melayu Autronesia liyane. Dialek-dialek basa Jawa kuwe gumantung wilayahe, gumantung karaktere karo budaya setempat. Bedane dialek sing siji karo dialek liyane kuwe sekitar 0-70%.

Miturut pendapate E.M. Uhlenbeck, 1964, nang bukune : "A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura", The Hague: Martinus Nijhoff, dialek basa Jawa kuwe kelompok-kelopoke ana telu:

Rumpun Basa Jawa Bagian Kulon:

Kelompok dialek nomer siji kiye lumrahe diarani basa Jawa ngapak-ngapak utawa basa mBanyumasan.

Rumpun Basa Jawa Bagian Tengah:

  • Sub Dialek Pekalongan
  • Sub Dialek Kedu
  • Sub Dialek Bagelen
  • Sub Dialek Semarang
  • Sub Dialek Pantai Utara Timur (Jepara, Rembang, Demak, Kudus, Pati)
  • Sub Dialek Surakarta
  • Sub Dialek Yogyakarta

Kelompok dialek nomer loro kiye lumrahe diarani Basa Jawa Standar, kususe dialek Yogyakarta karo Surakarta (Solo) ditambah Semarang (Joglosemar).

Rumpun Basa Jawa Bagian Wetan:

  • Sub Dialek Madiun
  • Sub Dialek Pantura Jawa Timur (Tuban, Bojonegoro)
  • Sub Dialek Surabaya
  • Sub Dialek Malang
  • Sub Dialek Tengger
  • Sub Dialek Banyuwangi (utawa disebut Basa Osing)

Kelompok dialek sing nomer telu kiye lumrahe diarani Basa Jawa Timuran.

Sing dimaksud basa Banyumasan nang Wikipedia basa mBanyumasan kiye mencakup sekabehe dialek kelompok basa Jawa bagian kulon sing esih melebu tlatah propinsi Jawa Tengah ditambah dialek Banten Lor karo dialek Cirebon/Indramayu (Crebonan/Dermayu). Telu Dialek: dialek Tegalan, dialek Bumiayu (dialek peralihan) karo dialek Banyumas kuwe biasane digabung dadi siji merga budaya karo karaktere meh pada. Telu dialek kuwe mau uga lumrah diarani basa penginyongan utawa basa ngapak-ngapak sing duwe kosa kata sing mirip banget.

Catetan:

Miturut geografise, tlatah Banten lor karo Cirebon-Indramayu pancen nyata-nyata adoh sekang tlatah Banyumasan. Tapi miturut budayawan Cirebon TD Sudjana, logat basane pancen mirip banget karo basa Banyumasan. Babagan kiye menarik dienggo kajian secara historis.

Dialek-Dialek Basa mBanyumasan

Dialek-dialek basa Banyumasan utawa sing ketelah dearani basa penginyongan, cacahe ana 3; tlatah lor (Tegalan), tlatah kidul (Banyumas), karo tlatah peralihan (Bumiayu).

Iring Lor

Dialek Tegalan deenggo neng msrakat sing ana neng sisih lor utawa sing kewentar dearani Pantura, antarane Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Brebes, Slawi, Moga, Pemalang, Surodadi karo Tegal.

Iring Kidul

Dialek kiye detuturna nang masrakat sing ana neng tlatah kidul, antarane Karang Pucung, Cilacap, Nusakambangan, Kroya, Ajibarang, Purwakerta, Purbalingga, Bobotsari, Banjarnegara, Purwareja, Kebumen karo Gombong Danasri Banjarwaru Kemojing Pucung Pagubugan Binangun

Tlatah Peralihan

Sub dialek kiye dituturna neng tlatah Bumiayu lan sekubenge.

Uga Perlu Dideleng

Situs Banyumasan