Cithakan:Dina Kiye Nang Sejarah/Agustus

|1 Agustus=

{{{title}}}
Priestley
  • 1774 - Joseph Priestley manggih oksigen, mbuktosaken panemon unsur kimia punika ingkang sadèrèngipun sampun dipunayahi déning Carl Wilhelm Scheele.
  • 1927 - Tentara Pambebasan Rakyat RRT dipunadegaken.
  • 1949 - Presiden Kirgistan Kurmanbek Bakiyev miyos.
  • 1952 - Perdhana Menteri Serbia Zoran Đinđić miyos lan s'eda ing taun 2003.
  • 1981 - Stasiun televisi MTV milai siaran perdhana.

|2 Agustus=

{{{title}}}
Hitler

|3 Agustus=

{{{title}}}
von Hindenburg
  • 1934 - Adolf Hitler pinilih dados pamimpin Jerman saksampunipun Presiden Paul von Hindenburg séda.
  • 1940 - Perang Donya II: Italia nyerang wilayah protèktorat Inggris, Somaliland.
  • 1946 - Asosiasi Bola Basket Amerika dipunadegaken.
  • 1977 - Uskup Agung lan Presiden Siprus ingkang kaping sepindhah, Makarios III séda (lair 1913).
  • 3 Agustus 2010 Silih témbak antawisipun tentara Israel lan Libanon ing sacelakipun dusun Adaysseh ing tapel wates kakalih negari.Cithakan:Sumber

|4 Agustus=

  • 1944 - Tip saking satunggiling informan Walandi saged mbekta Gestapo nangkep Anne Frank sakulawargi ingkang ndhelik ing Amsterdam amargi tiyang Yahudi.
  • 2011 - Wikimania 2011 utawi patemon para wikimédiawan sajagad, dipunwiwiti ing Haifa, Israel.

|5 Agustus=

{{{title}}}
Henry I
  • 1100 - Henry I dipunresmèkaken minangka Raja Inggris ing Westminster Abbey.
  • 1858 - Tim ingkang dipunpimpin Cyrus West Field ngrampungaken proyèk kabel telegrafi trans-Atlantik ingkang kaping sepindhah.
  • 1960 - Burkina Faso mbiwarakaken kamardikan.
  • 1962 - Aktris Amérika Sarékat, Marilyn Monroe dipunpanggihi séda ing dalemipun ing Los Angeles saksampunipun ngalami overdosis obat tilem.

|6 Agustus=

{{{title}}}
H.O.S. Tjokroaminoto
  • 1882 - H.O.S. Tjokroaminoto, pamimpin Sarékat Islam, miyos.
  • 1890 - William Kemmler dados priyantun sepindhahan ingkang dipunèksekusi nganggé kursi listrik.
  • 1945 - Perang Donya II: Pesawat Amérika Enola Gay ndhawahaken bom atom anami Little Boy ing Hiroshima, Jepang, lan niwasaken 80.000 jiwa.
  • 1991 - Tim Berners-Lee ngrilis berkas-berkas ingkang mratélakaken ide bab World Wide Web.

|7 Agustus=

{{{title}}}
Pantai Gading
  • 1945 - BPUPKI gantos nami dados Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia
  • 1960 - Pantai Gading mardika.
  • 1965 - Singapura dipunwedalaken saking Federasi Malaysia.
  • 1998 - Jeblugan bom ing Kadhutaan Besar Amérika Sarékat ing Dar es Salaam (Tanzania) lan Nairobi (Kenya) niwasaken 224 jiwa.
  • 2011 - Rusdy Bahalwan, mantan pemain bal-balan Indonésia, tilar donya ing yuswa 64 taun.
  • 2011 - Muhammad Nazaruddin, tersangka kasus suap Proyek Wisma Atlet SEA Games Indonésia 2011, dipuncepeng ing Cartagena de Indias, Kolombia.

|8 Agustus=

{{{title}}}
Mont Blanc
  • 1786 - Mont Blanc dipunpènèk ingkang kaping sapindhah déning Dr. Michael-Gabriel Paccard lan Jacques Balmat.
  • 1967 - Indonésia, Malaysia, Filipina, Singapura lan Thailand ngadegaken ASEAN.
  • 1973 - Kim Dae-Jung, ingkang ing tembé wingking dados Presiden Korea Kidul, dipunculik saking satunggiling hotel ing Tokyo.

|9 Agustus=

{{{title}}}
B-29
  • 1945 - Perang Donya II: Pesawat pangebom B-29 kagungan Amérika Sarékat ndhawahaken satunggil bom atom ing kitha Nagasaki, Jepang.
  • 1965 - Singapura mardika.
  • 1974 - Richard Nixon dados Présidhèn AS kaping sepindhah ingkang mundur saking jabatanipun. Wakil Présidhèn Gerald Ford nggantosaken Nixon.
  • 2011 - Kerusuhan lan penjarahan (foto) kedadosan ing sawetawis dinten ing London lan kutha-kutha sanèsipun ing Inggris.

|10 Agustus=

{{{title}}}
Albuquerque
  • 1511 - Pasukan Portugis ing saandhapipun pimpinan Alfonso de Albuquerque nyerang Malaka. Sultan Malaka mlajeng dhateng Riau.
  • 1846 - Kongres AS nyarujuki dipunadegaken Institusi Smithsonian.
  • 1920 - Wakil Sultan Mehmed VI napakasmani Pasetujon Sèvres, ngakeni pamérangan wilayah Kasultanan Usmaniyah saksampunipun Perang Donya I.

|11 Agustus=

{{{title}}}
Alcatraz
  • 1934 - Kunjara Alcatraz dipunbuka.
  • 1952 - Hussein dipunangkat minangka Raja Yordania.
  • 1987 - Arema Tim bal-balan dipunadegaken ing Malang Jawi Wétan.
  • 2003 - Hambali, pamimpin Jemaah Islamiyah, dipuncepeng ing Thailand.
  • 2011 - Umar Patek, téroris ingkang kacepeng ing Januari 2011 ing Pakistan dipuntahan ing Rutan Brimob Kelapa Dua, Depok

|12 Agustus=

  • 1759 - Paprangan ing Kunersdorf, Jerman
  • 1953 - Uni Sovyet ngetès bom hidrogen kanggé sapindhah.
  • 1975 - Sena Wangi ngadeg ing Jakarta.

|13 Agustus=

{{{title}}}
Tembok Berlin
  • 1913 - Harry Brearley ngembangaken stainless steel.
  • 1920 - Perang Soviet-Polandia: Pertempuran Warsawa dipunwiwiti.
  • 1960 - Republik Afrika Tengah mardika.
  • 1961 - Konstruksi Tembok Berlin dipunwiwiti.

|14 Agustus=

{{{title}}}
Roosevelt

|15 Agustus=

{{{title}}}
Terusan Panama
  • 1914 - Terusan Panama dipunbikak minangka jalur pintas pelayaran antawis Samudra Atlantik kaliyan Samudra Pasifik.
  • 1945 - Jepang pasrah dhumateng Sekutu. Pasukan Jepang taksih nguwaosi Indonesia, ananging salajengipun Jepang sarujuk mangsulaken Indonesia dhumateng Walandi.
  • 2005 - Indonesia lan Gerakan Aceh Merdeka napakastani MoU Perdamaian ing Helsinki, Finlandia, ingkang mungkasi konflik mawi gaman salebeting 30 taun.

|16 Agustus=

{{{title}}}
Skookum Jim Mason
  • 1896 - Grup ingkang dipunpimpin déning Skookum Jim Mason manggih emas ing caket Dawson City, Yukon, Kanada, ingkang andadosaken wontenipun Demam Emas Klondike.
  • 1945 - Prastawa Rengasdengklok: Soekarno lan Hatta dipunculik déning tokoh pemuda dhateng Rengasdengklok ing wekdal 03.00. Salajengipun wangsul dhumateng Jakarta lan dalunipun pinanggih kaliyan Laksamana Muda Maeda Tadashi.
  • 1960 - Siprus mardika saking Britania Raya.

|17 Agustus=

{{{title}}}
Proklamasi
  • 1862 - Suku Lakota, pedunung asli Sioux Amérika, nyerang pamukiman ing Lèpèn Minnesota, ngobaraken Perang Dakota 1862 dhumateng Amérika Sarékat.
  • 1918 - Pamimpin Bolshevik Moisei Uritsky dipunprejaya.
  • 1945 - Proklamasi Republik Indonesia.
  • 1960 - Gabon pikantuk kamardikan saking Prancis.
  • 1962 - Panjagi tapelwates Jerman Wétan némbak lan mrejaya Peter Fechter amargi nyebrangi Tembok Berlin tumuju dhateng Berlin Kilèn.

|18 Agustus=

{{{title}}}
Pierre Janssen
  • 1868 - Pierre Janssen manggih hèlium.
  • 1877 - Asaph Hall manggih Phobos, bulan paling ageng saking Mars.
  • 1945 - Undhang-Undhang Dhasar Negara Republik Indonesia dipunsahaken wonten ing salebeting sidang BPUPKI.

|19 Agustus=

[[Gambar:|80px||M.Mossadegh|alt={{{title}}}]]
M.Mossadegh

|20 Agustus=

  • 636 - Pasukan Arab pimpinan Khalid bin Walid nguwaosi Suriah lan Palestina ing Pertempuran Yarmuk.
  • 1926 - Parusahan panyiaran Jepang, NHK, dipunadegaken.
  • 1960 - Senegal mardika.
  • 1993 - Pasetujon Oslo dipuntapakasmani.

|21 Agustus=

  • 1821 - Pulo Jarvis dipunpanggih déning awak kapal Inggris.
  • 1945 - Kapulisèn Negara Republik Indonesia dipunadegaken.
  • 1998 - Pamaréntah Indonesia ngumumaken badhé nasionalisasi BCA.

|22 Agustus=

  • 1770 - Ekspedisi James Cook dugi ing pesisir wétan Australia.
  • 1909 - Deng Xiaoping, pamimpin révolusi Cina, miyos ing Sichuan.
  • 1945 - Ing Jakarta, Jepang sacara tarbuka nyatakaken pasrah. Pasukan Jepang salajengipun dipunlucuti senjatanipun déning Pasukan Peta lan Heiho.
  • 2012 - Lindhu mawi kakiyatan 5,7 SR ngguncang Pulo Simeulue.

|23 Agustus=

  • 1305 - William Wallace, pamimpin perlawanan Skotlandia, dipunèksekusi pati wonten ing Pasar Smithfield, London
  • 1866 - Pakta Praha mungkasi Perang Austria-Prusia.
  • 1942 - Wiwitanipun Pertempuran Stalingrad.
  • 1949 - Konferensi Meja Bunder dipunmilai ing Den Haag.
  • 1967 - Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia madeg.
  • 2010 - Gelar Miss Universe 2010 dipunrengkuh déning Jimena Navarrete saking Meksiko.

|24 Agustus=

  • 1962 - TVRI anggegana kanggé ingkang sapindhahan ing Indonesia kanthi acara giyaran langsung upacara pambukaan Asian Games IV ing Jakarta.
  • 1981 - Mark David Chapman dipunpatrapi ukuman 20 taun kunjara amargi kasus pamrejayan dhumateng vokalis The Beatles, John Lennon.
  • 1989 - RCTI milai anggegana minangka stasiun televisi swasta sepindhahan ing Indonesia.

|25 Agustus=

  • 1814 – Perang Amérika-Inggris: Pasukan Inggris mbesmi kitha Washington, DC.
  • 1912 – Partai Nasionalis China (Kuomintang) dipunadegaken Song Jiaoren lan Dr. Sun Yat-sen ing Guangdong, Tiongkok.
  • 1920 – Pertempuran antawis Polandia lan Uni Soviet ing Warsawa rampung kanthi munduripun Uni Soviet.
  • 1989 – Pesawat ruang angkasa Voyager 2 kasil dumugi Neptunus, planet pungkasan ingkang dipungayuh sadèrèngipun pungkasanipun medal saking tata surya.
  • 2011 - Steve Jobs mundhur saking jabatan kepala eksekutif Apple lan dipungantos déning Tim Cook.

|26 Agustus=

  • 1346 - Artileri dipun ginakaken ingkang kaping sepindhah nalika bregada prejurit Inggris ngasoraken Prancis wonten ing Pertempuran Crécy.
  • 1883 - Krakatau njeblug.
  • 1975 - UDT ngrebat panguwosan ing Timor Timur kanthi kudeta.
  • 2011 - Naoto Kan mundhur saking jabatan Perdhana Mentri Jepang.

|27 Agustus=

  • 1896 - Perang ingkang paling cekak ing ndonya - 45 menit - antara Imperium Britania klawan Zanzibar.
  • 1937 - Divisi mobil Pabrik Tenun Otomatis Toyota dipun lebur dados Toyota Motor Corporation.
  • 1985 - Pamaréntah Nigeria dipun gulingaken kanthi bedhamèn déning Mayjen Ibrahim Babangida.

|28 Agustus=

  • 1749 - Goethe, pujangga lan ilmuwan Jèrman, miyos.
  • 1828 - Leo Tolstoy, pujangga Rusia, miyos.
  • 1990 - Perang Teluk I: Irak mratélakaken Kuwait dados provinsi ka-19 Irak.
  • 2011 - Aktivis sipil India Anna Hazare mungkasi 12 dinten saumipun sasampunipun Parlemèn India ngadhopsi satunggiling résolusi ingkang nglolosaken undhang-undhang ombudsman ingkang nglebetaken tuntutanipun.

|29 Agustus=

  • 1526 - Pasukan Ottoman pimpinan Sultan Suleiman I ngasoraken lan merjaya Raja Lajos II seka Hongaria kaliyan Bohemia wonten ing Pertempuran Mohács.
  • 1756 - Raja Friedrich II seka Prusia mrèntah supados nyerang Sachsen.
  • 1944 - Pasukan Slovakia malik dukungan marang rezim pro-Nazi Jozef Tiso lan angkatan bersenjata Nazi Jerman, Wehrmacht.
  • 2005 - Badai Katrina kedadèn wonten ing pantai Louisiana lan Mississippi, njalari 1.836 manungsa .
  • 2010 - Gunung Sinabung ing Sumatra Lor njeblug, nyebabaken 18.000 warga ing saubengipun dipunevakuasi.

|30 Agustus=

  • 1574 - Guru Ram Das dados Guru Sikh kaping papat.
  • 1999 - Rakyat Timor Wétan ndèrèk réferèndum kanggé nentokaken kamardikan.
  • 1800 - Gabriel Prosser nglancaraken pambalélanipun para budak wonten ing Virginia, Amerika Serikat.
  • 1813 - Perang Napoleon: Jenderal Prancis Dominique Vandamme lan ewon tentaranipun kasil dipuntawan déning pasukan Marsekal Michael Andreas Barclay de Tolly sasampunipun Pertempuran Kulm.
  • 1862 - Perang Saudara Amerika: James Longstreet lan Stonewall Jackson mandhégani pasukan Konfederasi menangaken Pertempuran Ball Run Kedua.
  • 1992 - Michael Schumacher dados jawara wonten lomba Formula Satu sepindah wonten ing Grand Prix Belgia.
  • 2010 - Francisco Varallo, pamain bal-balan Argentina, pamain bal-balan pungkasan ingkang tumut main ing Piala Donya 1930, tilar donya mawi yuswa 100 taun.
{{{title}}}
  • 2011 - Yoshihiko Noda (foto) kapilih dados Perdhana Mentri ka-62 Jepang.

|31 Agustus=

  • 1876 - Abdul Hamid II dados Khalifah Ustmaniyah, ramanipun, Murad V dipun lèngsèraken.
  • 1888 - Jack the Ripper merjaya korbanipun ingkang sepindhah wonten ing London.
  • 1920 - Prajurit Polandia, dipun pandhégani pasukan turangga, ngawonaken Prajurit Abrit Bolshevik ing Pertempuran Komarów.
  • 1957 - Malaysia pikantuk kamardikan saking Inggris.
  • 1986 - Sasampunipun tabrakan klawan kapal kargo, kapal samudera Uni Soviet Admiral Nakhimov klelep wonten ing Segantun Cemeng wonten salebeting wekdal 7 menit.
  • 1991 - Kirgizstan uwal saking Uni Soviet.
  • 1997 - Putri Diana kaliyan pacanganipun Dodi al-Fayed tiwas wonten ing kacilakan mobil wonten ing Paris.

}}