Kabupaten Kudus

kabupaten nang propinsi Jawa Tengah, Indonesia

Kabupaten Kudus kuwe salah siji kabupaten nang Propinsi Jawa Tengah. Ibukotane yakuwe Kudus, sing ana nang jalur pantai utara (pantura) wetan Jawa Tengah, yakuwe nang antarane (Semarang-Surabaya),. 51 km nang wetane Kota Semarang. Kudus kuwe kota penghasil rokok kretek paling gedhe nang Jawa Tengah. Seliyane kuwe kudus uga dadi kota santri, kota kiye dadi pusat perkembangan agama islam dong abad pertengahan, nang kene ana 3 makam wali/ sunan, yakuwe Sunan Kudus , Sunan Muria lan Sunan Kedu.

{{{jeneng}}}

Lambang {{{jeneng}}}
Moto: Nagari Carta Bhakti, SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional)



Peta lokasi {{{jeneng}}}
Koordinat: 6°51′0″LS,110°36′0″BT-7°16′0″LS,110°50′0″BT
ProvinsiJawa Tengah
Dasar hukumUU No. 13/1950
Tanggal Peresmian23 SEPTEMBER
Ibu kotaKota Kudus
Pemerintahan
 - Bupati{{{jeneng kepala daerah}}}
 - Wakil Bupati{{{jeneng wakil kepala daerah}}}
Luas425,17 km2
Populasi
 - Total764.606 jiwa (2010)
 - Kepadatan1.798,35 jiwa/km2
Demografi
 - Kode area telepon0291
Pembagian administratif
 - Kecamatan9
Simbol khas daerah
 - Situs webhttp://www.kuduskab.go.id/

Geografis

LorKabupaten Jepara
KidulKabupaten Grobogan lan Kabupaten Demak
WetanKabupaten Pati
KulonKabupaten Jepara


Industri

Perkembangan perekonomian nang Kudus ora teyeng ucul sekang pengaruh perindustrian. Ana pirang-pirang industri gedhe nang kene, antarane yakuwe PT. Djarum(Industri Rokok), Petra, PR. Sukun (Industri Rokok), PT. Nojorono, PT. Hartono Istana Teknologi (d/h Polytron - Industri Elektronik), PT. Pura Barutama (Industri Kertas & Percetakan), Kudos, lan ewonan perusahaan industri cilik lan menengah.

Pariwisata

Wisata religi lan budaya:

  • Masjid Menara Kudus sing dibangun dong abad kaping-16, bangunan kiye duwe paduan arsitektur Jawa, Hindu, lan Islam.
  • Makam Sunan Kudus (nang kota Kudus) salah siji walisanga (penyebar agama Islam nang lemah Jawa)
  • Makam Sunan Muria (nang daerah Colo Kecamatan Dawe).Uga salah siji walisanga (penyebar agama Islam nang lemah Jawa)
  • Makam Sunan Kedu nang daerah Gribig, Kudus. Beliau berasal dari daerah Kedu dan menjadi murid Sunan Kudus.
  • Makam Kyai Telingsing nang daerah Sunggingan, Kudus. Kyai Telingsing kiye gurune Sunan Kudus lan Sesepuh sekang Kota Kudus sing asale sekang China lan nduwe jeneng asli The Ling Sing.
  • Petilasan Rahtawu nang daerah Rahtawu, Kudus.

Wisata alam:

  • Air Terjun Monthel nang Colo kecamatan Dawe.
  • Puncak Songolikur (nang Rahtawu kecamatan Gebog) Puncake gunung Muria sing paling dhuwur.
  • Puncak-gunung Muria liyane sing sering di kunjungi, kaya Puncak Argojembangan lan Argowiloso. Lorone ana nang kecamatan Dawe.
  • Air Tiga Rasa (Rejenu) lan Makam Syeh Sadzili. Anane nang Japan kecamatan Dawe.
  • Pesanggrahan Colo (Graha Wisata Muria) (Colo) Kecamatan Dawe
  • Bumi Perkemahan Abiyoso nang Menawan kecamatan Gebog.
  • Bumi Perkemahan Kajar (Kajar kecamatan Dawe)
  • Water boom Mulia Kajar
  • Water Park "The Peak View" at Mountain View Residence GondangManis Bae Kudus


Referensi

Pranala jaba