ATV diadegaké ing pungkasan taun 2003, giyaran percobaané dimulai ing wiwitan taun 2005 lan lan ing wiwitan wulan Juli taun 2006 éntuk idin frekuensi resmi ing Channel 33 UHF saka KOMINFO (Direktorat Jenderal Pos dan Telekomunikasi) kanthi cover area Madiun, Magetan, Ngawi, Caruban, Ponorogo, Dungus, Nganjuk, lan Wanagiri.
Kanthi modal idin mau sarta panjurung saka masarakat lan manéka pihak antarané pemuka agama, adat, PEMKOT, PEMDA, POLWIL, sarta pihak-pihak liya, sangsaya mantebaké perjalanan ATV Madiun kanggo golèk keanékaragaman potensi budaya, majukaké lan ngangkat perekonomian laladan kang sasuwéné iki isih kapendem.