Ama-no-Uzume

Ama-no-Uzume (Jepang: 天宇受売命, 天鈿女命) inggih menika satunggaling dewi tari lan kabagyan utawi dewi ingkang nari nalika wanci énjing.[1] Kanthi kasiram toya ingkang medal ing sanginggilipun guci, Ama no Uzume menika nari lan paring lelipur dhumateng para déwa-dewi wonten ing swarga.[2] Tarian Ama no Uzume menika asring dipunlampahi wonten ing pentas kagura ing era ingkang modern.[3]

Saklébat

Ama no Uzume menika ateges “dewi aroma swarga” lan kadang kala ugi pikantuk jejuluk Ame-no-Uzume-no-Mikoto, lan Ame-no-Uzume-no-Kami.[3] Jejuluk sanèsipun inggih menika tiyang ingkang dados pambujuk handal, Kenya saking swarga, Putri swarga lan wanita ingkang njagi swarga.[3]

Katsuhiro Yoshizawa, tiyang ingkang nganggit Hakuin, menika damel prakiraan bilih Uzume menika pralambang wanita ingkang pas wonten ing jaman klasik, inggih menika kanthi pipi ingkang kebal lajeng alis ingkang kandel.[4]

Legenda

Paring lelipur Amaterasu

Kojiki lan Nihongi menika nyariosaken bilih Ama No Uzume menika wanita ingkang paring lelipur wonten ing donyaning para déwa.[1] Salah satunggaling kisahipun menika nalika Amaterasu ndelik wonten ing gua, bumi kebak salju ingkang kandel lan peteng. Lajeng Ama No Uzume menika nari kanthi nilar sedaya busana lajeng nari-nari wonten ing sangajengipun gua papan kanggé Amaterasu menika ndelik.[1] Sedawa déwa menika ngguyu lan damel Amaterasu rumaos pengen mangertos lan pungkasan nedahaken praupanipun nalih, cahyaning donya kondur, pagesangan saged kalajengaken.[4]

Ndhèrèkaken Ninigi lan krama kaliyan Saruta-Hiko

Ama-no-Uzume ugi pikantuk dhawuh kanggé njagi wayahipun Amaterasu, Ninigi dhateng bumi, ingkang salajengipun piyambakipun menika dados kaisar ingkang sapisan wonten ing Jepang.[1] Nalika Ninigi sampun rawuh wonten ing bumi, dumadakan medal monster ageng ingkang dados pepalang ing dalan, lajeng kanthi rikat Ama-no-Uzume ngadhepi monster kasebat, sinaosa boten wonten setunggal déwa ingkang wani nglawan monster kasebat.[2] Kanthi èsem ingkang amba, Uzume nari wonten ing sangajengipun makhuk kasebat lan malangi.[4] Nembé dipunmangertosi bilih monster kasebat jelmaan saking déwa kreteg bumi lan langit ingkang asmanipun Sarutahiko ingkang badhe sapa aruh dhateng Ninigi.[3]

Lajeng kekalihipun sami tetepangan lan gantosan anggènipun njagi Ninigi. Uzume menika tansah ngancani Sarutahika saben-saben piyambakipun sampun ngrampitaken tugasipun ing wewengkon Ise. Amargi asring sareng-sareng, pramila langit damel takdir supados kekalihipun menika dados pasangan garwa. Palakramanipun pikantuk berkat saking para déwa ing swarga lan paring nama énggal kanggé kekalihipun inggih menika Sarume-no-Kimia utawi ketuwa saking klan Sarume.[2] Kekalihipun menika manggèn sesarengan wonten ing kretg antawisipun swarga lan bumi.[2]

Popularitas

Tarian uzume menika sinebat ame-no-uzume dipunlampahi ing manéka ritual tradhisi masyarakat Jepang. Kados déné kagura tuladhanipun satunggaling adicara tarian kanggé damel wungu tiyang ingkang sampun séda.[4] Tarian sanèsipun menika dipun-ginakaken kanggé ngrayakaken dinten tandur lan panèn.[4]

Otafuku menika satunggaling lelakon wonten ing Fukuwari, satunggaling dolanan tradisional ingkang kondhang wonten ing Jepang.[5] menika gadhah watak ingkang sumèh ingkang saged mbekta kabagyan. Satemah para sejarawan menika damel prakiraan Otafuku menika wonten sesambetanipun kaliyan Ama-no-Uzume.[4]

Rujukan