Big Eyes
Big Eyes nggih punika filem drama biografi kriminal saking Amérikah Sarékat ingkang kadamel taun 2014. Filem punika kaarahaken déning Tim Burton kanthi juru damel Tim Burton, Scott Alexander, Larry Karaszewski lan Lynette Howell. Skénario kagem filem punika kaanggit déning Scott Alexander lan Larry Karaszewski. Wondéné para juru paraga ingkang kadhapuk maragani filem punika antawisipun Amy Adams, Christoph Waltz, Danny Huston, Jon Polito, Krysten Ritter, Jason Schwartzman lan Terence Stamp.
Big Eyes | |
---|---|
Barkas:Big Eyes Amy Adams Poster 2014.jpg | |
Disutradarani | Tim Burton |
Diprodhuseri | Tim Burton Scott Alexander Larry Karaszewski Lynette Howell |
Diskénariyoni | Scott Alexander Larry Karaszewski |
Dibintangi | Amy Adams Christoph Waltz Danny Huston Jon Polito Krysten Ritter Jason Schwartzman Terence Stamp |
Dimusiki | Danny Elfman |
Sinématografi | Bruno Delbonnel |
Dibesut déning | JC Bond |
Perusahaan prodhuksi | Electric City Entertainment Silverwood Films Tim Burton Productions |
Dibabar déning | The Weinstein Company |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 106 menit[1] |
Nagara | Amerika Serikat |
Basa | Bahasa Inggris |
Rantaman | $10 juta[2] |
Kalarisan | $29,253,166[3] |
Filem Big Eyes dipungiyaraken kaping pisanipun wonten New York surya 15 Desember 2014[4] lan kababar kagem sagung pamirsa ing Amérikah Sarékat surya 25 Desember 2014.[5] Filem pikantuk pangalembana saking para juru kritik.
Juru paraga
- Amy Adams minangka Margaret Keane
- Christoph Waltz minangka Walter Keane
- Danny Huston minangka Dick Nolan
- Jon Polito minangka Enrico Banducci
- Krysten Ritter minangka DeeAnn
- Jason Schwartzman minangka Ruben
- Terence Stamp minangka John Canaday
- Madeleine Arthur minangka Jane
- Delaney Raye minangka Jane nèm
Ngendikanipun juru kritik
Filem Big Eyes pikantuk pangalembana saking para juru kritik. Adheddhasar pratélanipun Rotten Tomatoes, filem punika pikantuk pandhemenan dumugi 72%, adhedhasar saking 172 pambiji, kanthi rata-rata 6.6/10.[6] Metacritic mratélaaken, filem punika pikantuk angka 62 saking 100, adhedhasar saking 40 pambijinipun para juru kritik, ingkang negesaken bilih filem punika tuhu saé.[7]
Box office
Filem Big Eyes kasil nempalaken arta dumugi 14,482,031 saking Amerika Ler, lan $14,771,135 saking negari sanèsipun. Gunggung ageng arta ingkang makempal dumugi $29,253,166, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem pandamelan, nggih punika $10 juta.[3][3]