Cristian Gonzálés

Cristian Gérard Alfaro Gonzáles (lair ing Montevideo, Uruguay, 30 Agustus 1976; umur 47 taun) inggih punika salah satunggalipun juru main bal-balan saking Indonésia ingkang gadhah posisi minangka penyerang tengah utawi penyerang tunggal.[1]. Saderengipun dados warga nagara indonesia, piyambakipun punika warga nagara Uruguay, nanging wiwit 1 November 2010, piyambakipun resmi dados warga nagara Indonésia.[2] Sapunika Gonzáles main wonten ing klub bal Arema.[3] Awit 21 November 2010 panjenenganipun mlebet timnas Indonésia.[2]

Cristian Gonzálés
Katerangan priangga
Jeneng dawaCristian Gérard Alfaro Gonzáles
Dhuwur1.77 m (5 ft 9 12 in)
Posisi mainPenyerang tengah
Katerangan klub
Tim saiki
Persisam Samarinda
Angka99
Karir nom
19901995Defensor Sporting
Karir sénior*
TaunTimMain (Gul)
1995–1997
1997–1999
1999–2000
2000–2003
2003–2005
2005–2008
2008–2009
2009–2010
2010–
Sud America
→ Huracán Corrientes (pinjaman)
Sud America
Deportivo Maldonado
PSM Makassar
Persik Kediri
Persib Bandung (pinjaman)
Persib Bandung
Persib Bandung
1 (0)
3 (0)
12 (1)
22 (1)
26 (27)
83 (88)
16 (14)
38 (32)
Tim nasional
2010sapunikaIndhonésia Indonésia9 (6)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 30 Dhésèmber 2010

Profil

Cristian punika kalebet salah satunggaling penyerang ingkang paling mbebayani ing sadangunipun sajarah kompetisi bal-balan Indonésia.[2] Kasaenanipun ing bab nendhang, nglebetaken bal, visi permainan, fisik, lan sundhulan punika dados andhalanipun.[2] Wekdal main ing Uruguay, piyambakipun dados glandhang serang. Nanging prodhuktivitasipun kirang sanget saéngga piyambakipun lajeng ijrah dhateng PSM Makassar kanthi status bébas transfer, lan pikantuk posisi minangka panyerang. Miturut Badan Liga Indonésia ing mangsa 2006, piyambakipun dados juru main paling awis ing Liga Indonésia kanthi bayaran 1,2 Milyar [4] Tanggal 21 November 2010 Cristian Gonzales miwiti main dados anggota timnas bal-balan Indonésia nglawan Timor Lésté, lan langsung nglebetaken kalih gol.[5] Salajengipun, piyambakipun mlebet tim inti Timnas Indonésia ing Piala Suzuki AFF 2010.[2] Sasampunipun nggarwa kaliyan pawestri Indonésia ingkang namanipun Eva Nurida Siregar, piyambakipun pikantuk paspor Indonésia. Cristian lan Eva Gonzales pikantuk kalih momongan Fernando lan Florencia. Piyambakipun ugi patutan saking. Cristian mlebet agami Islam ing taun 2003 lan gantos nama Mustafa Habibi.[2]

Prestasi

Klub

  • Juara Liga Indonésia 2006-2007

Individu

  • Pencetak Gol Paling kathah Liga Indonésia 2003-2004 kanthi 27 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah Liga Indonésia 2005-2006 kanthi 30 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah Liga Indonésia 2006-2007 kanthi 32 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah Liga Indonésia 2007-2008 kanthi 26 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah Indonésia Super League 2008-2009 kanthi 28 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah nomer kalih Indonésia Super League 2009-2010 kanthi 18 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah nomer kalih Piala Indonésia 2005-2006 kanthi 10 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah nomer kalih Piala Indonésia 2006-2007 kanthi 8 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah nomer kalih Piala Indonésia 2007-2008 kanthi 5 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah nomer kalih Piala Indonésia 2008-2009 kanthi 7 gol
  • Pencetak Gol Paling kathah Piala Indonésia 2009-2010 kanthi 10 gol

Cathetan suku

Pranala njawi