Dede Oetomo

aktivis hak LGBTQI+ Indonésia

Dede Oetomo (lair ing Pasuruan, Jawa Wétan, Indonésia, 6 Dhésèmber 1953; umur 70 taun) yaiku sosiolog, aktivis AIDS, lan aktivis gay Indonésia.[1][2] Dhèwèké iku sing ngadegaké Gaya Nusantara, organisasi masarakat LGBT Indonésia.[3] Ing taun 1998, dhèwèké olèh pangaji-aji Felipa de Souza Award lan ing taun 2001 olèh Utopia Awards.[4] Ing taun 2012, Dede Oetomo uga nyalonaké dhèwèké minangka calon komisionèr Komnas HAM, nanging gagal nalika tahap pungkasan.[5]

Bareng tokoh fèminis lan paneliti Soe Tjen Marching, dhèwèké ngadegaké Jurnal Gandrung, sawiji jurnal akademis kaping pisan ing Indonésia sing ngrembug bab gènder lan sèksualitas.[butuh sitiran]

Rujukan

Pranala njaba