Dhaharan Padang

sadaya jinis dhaharan saking wewengkon Minangkabau, Sumatra Kulon, Indonésia

Dhaharan Padang utawi Panganan Padang inggih punika nama ingkang dipun-ginakaken kanggé nyebat sadaya jinis dhaharan saking wewengkon Minangkabau, provinsi Sumatra Kilèn, Indonésia.[1] Sanajan sajatosipun manéka warni dhaharan Sumatra Kilèn boten sadayanipun saking Kutha Padang, contonipun dhaharan saking Kutha Bukittinggi ingkang ugi gadhah tradisi kulinér ingkang kathah.[1] Griya dhahar Padang utawi rumah makan Padang utawi griya dhahar urang uwak punika dados sesebatan kanggé usaha dhaharan Padang.[1]

Warna nagari Amérikah Sarékat ingkang taksih dhahar dhaharan Padang ing satunggalipun griya dhahar Padang ing Jakarta.

Limrahipun manajemen griya dhahar Padang dipunatur déning kulawarga utawi kerabat satunggal kampung.[2] Tiyang ingkang ngatur griya dhahar Padang kathah ingkang gadhah sesanti utawi falsafah Minang ingkang démokratis, kados berat sama dipikul, ringan sama dijinjing.[3] Babagan punika katingal ing pembagen kauntungan ingkang dipunpérang saben satunggal atus dinten nyambut damel, kanthi sistem bagi hasil dhedhasar indeks préstasi.[3] Cara kados makaten ingkang saged nyurung sadaya karyawan supados gadhah préstasi, karyawan badhé tansah mbudidaya kanggé ngaturi tamu kanthi saé supados tamu punika kersa dhahar malih ing griya dhahar Padang.[3] Sistem bagi hasil kados punika ingkang damel karyawan gadhah pangraos ndhérék nggadhahai usaha dhaharan Padang.[3]

Cathetan suku

Pranala njawi