Omah

Omah iku panggonan sing digawé wong kanggo dedunung utawa netep. Ing sajeroning omah, wong utawa kulawarga mau bisa lèrèn lan nyimpen deduwéné.Ing jaman modhèren saiki, isi omah iku warna-warna, ana piranti kanggo nyiapaké pangan lan kanggo reresik awak kaya déné papan adus lan jamban.

Macem-macem jinis omah ing saindenging jagad, kanthi gaya kang beda-beda

Omah awujud ruangan sing diwatesi témbok lan payon, racaké duwé dalan mlebu/metu wujud lawang, bisa uga mawa jendela kanggo pepadhang lan lumebu metuné hawa. Dhasaré omah bisa awujud lemah, ubin, babut, keramik, utawa bahan liyané. Omah modhern racaké pepak duwé unsur-unsur iki, lan ruangan ing sajeroné kapérang-bagi dadi kamar-kamar sing carané nganggo dhéwé-dhéwé, kaya ta kamar turu, pakiwan utawa kakus, ruang mangan, ruang kulawarga, ruang tamu, garasi, gudhang, téras, lan pekarangan.

Sajeroning kagiyatan sadina-dina, wong racaké ana ing sajabané omah saperlu nyambutgawé, lumebu sekolah, utawa ngayahi aktivitas liya, nanging paling sethithik omah duwé fungsi minangka papan kanggo turu kulawarga.

Uga delengen

Pranala njaba