Gervais Yao Kouassi

Gervais Yao Kouassi utawa dikenal uga minangka Gervinho (lair ing Anyama, Pasisir Gading, 27 Mèi 1987; umur 37 taun) ya ikung juru main bal-balan profésional sing asalé saka Pasisir Gading sing posisiné minangka glandhang sayap. Wektu iki, panjenengané main ing klub Arsenal ing Liga Primer Inggris. Panjenengané uga main kanggo Pasisir Gading.

Gervinho
Gervinho
Katerangan priangga
Jeneng dawaGervais Yao Kouassi
Dhuwur1.79 m (5 ft 10 12 in)[1]
Posisi mainGlandhang sayap
Penyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Arsenal
Angka27
Karir nom
1998–2002Mimosas
2002–2004Toumodi
2004–2005Beveren
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2005–2007Beveren61(14)
2007–2009Le Mans59(9)
2009–2011Lille67(28)
2011–Arsenal30(5)
Tim nasional
2007–Pasisir Gading41(9)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 16.00, 15 September 2012 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 9 September 2012 (UTC)

Gervinho miwiti karir ing akademi bal-balan Mimosas sasuwené limang taun. Ing papan iku panjenengané dijenengi jejuluk khas Brasil "Gervinho", sing dijupuk saka jeneng ngarepé.[2] Panjenengané salanjuté main sasuwené 2 taun wiwit 2005 bareng Beveren, sadurungé pindah ing taun 2007 ing Le Mans, lan 2 taun salanjuté gabung karo Lille, lan wektu iki gabung karo Arsenal. Gervinho main kanggo timnas Pasisir Gading wiwit wulan November 2007. Panjenengané dadi kapten timnas Pasisir Gading sing main ing Olimpiade Beijing 2008.[2]

Karir

Klub

Arsenal

Tanggal 12 Juli 2011, Gervinho gabung karo Arsenal kanthi biaya transfer sakiwa-tengené £10.5 yuta.[3][4][5] Gervinho main ing debut liga nalika main imbang (0-0) ing kandang Newcastle United. Ing tetandhingan mau, panjenengané éntuk kartu abang sawisé gelut karo Joey Barton.[6] Sawisé diukum larangan main 3 tetandhingan liga amarga insiden mau,[7] Gervinho main manèh lan nyetak gol liga sing kapisan nalika kalah ing tandang 3-4 saka Blackburn Rovers, tanggal 17 September 2011.[8]

Internasional

Gervinho wés main ping 28 lan nyetak 7 gol kanggo Pasisir Gading wiwit lekas karir internasionalé ing taun 2007. Panjenengané kalebu ing skuat Pasisir Gading nalika Piala Donya FIFA 2010.

Prestasi

Klub

Lille
  • Ligue 1: 2010–11
  • Coupe de France: 2011

Réferènsi

Pranala njaba

Cithakan:Skuat PD2010 Pasisir Gading