Jose Bosingwa

Jose Bosingwa utawa jeneng dawa José Bosingwa da Silva iku juru main bal kang asalé saka Portugal (lair 24 Agustus 1982; umur 41 taun), dhèwèké kondhang kanthi sesebutan Bosingwa. Uga kagolong salah sijiné juru main bal saka Portugal kang main kanggo Chelsea FC ing Liga Premier Inggris lan tim nasional Portugal, main ing panggon bèg tengen.[1]

José Bosingwa
Katerangan priangga
Jeneng dawaJosé Bosingwa da Silva
Dhuwur1.83 m (6 ft 0 in)
Posisi mainBèg tengen
Katerangan klub
Tim saiki
Trabzonspor
Angka17
Karir nom
1995–1996Fornos de Algodres
1996–2000Boavista
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2000–2001→ Freamunde (loan)11(0)
2001–2003Boavista41(0)
2003–2008Porto107(3)
2008–2012Chelsea62(2)
2012–Trabzonspor
Tim nasional
2003–2004Portugal U2118(0)
2007–Portugal24(0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 20:05, 18 April 2011 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 15:00, 2 April 2011 (UTC)

Lair ing Mbandaka, Zaire saka bapak wong Portugal lan ibu wong Kongo, Bosingwa pindhah karo wong tuwané nalika umuré isih enom menyang Seia, Portugal, ing Distrik Guarda.[1] Dhèwèké diangkat dadi juru main enom kanggo FC Boavista, uga dadi juru main profésional nalika disilihaké menyang SC Freamunde ing dhivisi loro, dhèwèké main dadi gelandhang.[1]Sawisé 2 taun ing Boavista, Bosingwa nandhatangani tanggané klub ya iku FC Porto, sing dilatih Jose Mourinho kanggo mangsa 2003-2004. Dhèwèké mung main ing 11 laga. Bosingwa miwiti dhebut ing Liga Champions tanggal 16 September 2003, nanging mung imbang 1-1 karo FK Partizan.[1]

Tanggal 11 Mèi 2008, FC Porto mbiwara Bosingwa sepakat karo Chelsea FC pindhah nganggo bandrol 20.600.000 € / £ 16.3m.[2] Dhèwèké nèken kontrak telung taun karo Chelsea lan nggabung karo klub London Lor iku sawisé Euro 2008 bareng bos tim Nasional Portugal Luiz Felipe Scolari lan kanca saknegarané Deco. Ing tanggal 16 Juli, dhèwèké resmi duwé nomer klambi 17, ijolan karo Scott Sinclair dadi nomer 16.[2]

Prestasi

Klub

Porto

  • Liga Champions UEFA: 2003-2004
  • Liga Utama Portugal: 2003–04, 2005–06, 2006–07, 2007–08
  • Taça de Portugal: 2005–06
  • Portuguese Supercup: 2003, 2004, 2006

Chelsea

Indhividhual

  • Euro 2008: Team of the tournament

Pranala njaba

Cathetan sikil