Kampung Hanok Gunung Nam

Kampung Hanok Gunung Nam (남산골 한옥마을) ya iku sawijining kampung kang ana omah tradhisional Koréa (hanok) ing Gunung Nam, Seoul, Koréa Kidul.[1][2] Kampung iki minangka objèk wisata anyar ing taun 1998 lan kanggo mèngeti ulang taun kutha Seoul kang kaping 600 taun.[1] Kampung iki ambané 8000 m pesagi.[1]

Kampung Hanok Gunung Nam

Arsitèktur omah kang ana ing panggonan wisata iki ya iku giwa-jip utawa omah kanthi payon gendhèng.[1] Ing kéné para wisatawan bisa nyinaoni panguripané masarakat Koréa ing mangsa Dinasti Joseon.[1] Ana limang omah kanthi panutup gendhèng kang asalé saka pirang-pirang panggonan ing Seoul kang dipindhahaké lan direstoraèekaké ing panggonan iki.[1] Omah kang wiwitan ya iku duwèké Yi Seung-eop, sawijining tukang kayu kang urip ing pungkasané mangsa Joseon. Ing omah-omah dipamèraké asil karya seni tradhisional Koréa kaya ta kilssam (tèknik ngelir sandhangan), hanbok (sandhangan tradhisional), maedeup (pita rajutan).[1] Saliyné iku saben dinané, dianakaké pirang-pirang acara budaya kaya ta rékonstruksi upacara kawinan tradhisional, dolanan piranti musik gayageum lan geomungo, samulnori, béla dhiri tradhisional lan liya-liyané.[1]

Uga delengen

  • Arsitektur Koréa
  • Giwa-jip
  • Hanok
  • Choga-jip
  • Gunung Nam
  • Menara Namsan

Rujukan