Komèt Lulin
Komet lulin (C/2007 N3) ya iku komet kang duwé buntut loro kang padha tinampikan.[1] Wiwitane, komet lulin (C/2007 N3) dideteksi minangka asteroid déning pengamat kang ana ingbumi taun 2007.[1] Nanging ing pengamatan candhaké, nalika komet mau nyedhaki srengéngé wiwit katon sirahé komet.[1] Komet iki dumadi saka awu, ion asil penguapan lan ionisasi inti komet.[1]
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1c/Comet_Lulin2_Jan._28-2009_Swift_gamma.jpg/250px-Comet_Lulin2_Jan._28-2009_Swift_gamma.jpg)
Panemu
Komet lulin tinemu tanggal 11 Juli 2007 déning Quanzhi Ye, sawijining mahasiswa umur 19 taun saka Sun Yat-sen University, China.[2] Foto komet lulin dijupuk déning Chi Sheng Lin saka National Central University, Taiwan kanthi nggunakaké teleskop kanthi diameter 16 inci.[2]
Pengamatan
Komet lulin kagolong komet kang paling ora padhang, mula dibutuhake sawijining binokuler kanggo bisa ngematake.[2] Nanging, nalika komet iki sansaya cedhak karo arah bumi, mula katon sansaya padhang.[2] Komet lulin berwarna kehijauan karena kandhutan ion-ionnya.[2]Tanggal 10 Januari 2009, komet iki ngancik titik paling cedhak karo srengéngé ing jarak 182 km.[2]
Cathetan suku
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Komet Lulin. |