Nokia 1600

Nokia 1600 yaiku tilpun sélulèr kang diprodhuksi déning pabrikan Nokia.[2] Sèri iki kawanuhaké ing Juni taun 2005, wis ora diprodhuksi manèh lan duwé ukuran 104 x 45 x 17 mm déné boboté 85 gram. Layaré CSTN, 65K werna ukuran 1,4 inchi kanthi résolusi 96 x 68 piksel. Kanggo sesukan, uga ana game cacah 3 yaiku Snake Xenzia, Dice, Cricket Cup. Ringtone ing tilpun iki jinis poliponik. Kanggo sesambungan lewat tulisan, bisa nggunakaké sarana SMS, instan messaging. Batréné bisa dicopot, nganggo jinis Li-Ion kapasitas on 900 mAh kanthi nomer sèri BL-5C lan bisa kanggo nganti 450 jam nalika standby lan tahan 5 jam 30 menit nalika kanggo nélpon. Déné kanggo sesambungan, tilpun iki nggunakaké jaringan GSM.[1] Punsèl sèri iki kalebu punsèl kang paling laris ing pasaran lan kasil payu cacah 130 yuta iji.[3][4] .

Nokia 1600
MèrekNokia
Babar pisanan2005, Juni
Ukuran104 x 45 x 17 mm (4.09 x 1.77 x 0.67 in)[1]
Bobot85 gram (3.00 oz)
Panyimpenan4 MB
Panyimpenan-copotNo
BatréRemovable Li-Ion 900 mAh battery (BL-5C)
PakatonanCSTN, 65K werna
1,4 inchi, 6,0 cm2 (~12,7% screen-to-body ratio)
96 x 68 pixels (~84 ppi density)
Kaméra mburiNo
SwaraVibration; Polyphonic(20) ringtones, composer

Rujukan