Nokia 3310

Nokia 3310 ya iku tilpun sélulèr kang diprodhuksi déning pabrikan Nokia.[2] Punsèl sèri iki kalebu punsèl kang paling laris ing pasaran lan kasil payu cacah 126 yuta iji.[3][4] Nokia 3310 uga salah siji produk ikonik saka Nokia lan akèh wong kang nyenengi. Nokia uga gawé pira-pira varian saka 3310, antarané Nokia 3315, 3320, 3330, 3350, 3360, 3390 lan 3395. Malah ing taun 2017 Nokia uga gawé punsèl anyar kanthi dhésain kang dhedhasar dhésain 3310 lan uga dijenengi Nokia 3310, kanthi layar kang luwih amba, layar werna lan kodhak 2MP.[5][6]

Nokia 3310
MèrekNokia
Babar pisanan2000
Discontinued2005
Sing ndhisikiNokia 3210
Sing nerusakéNokia 3410
Nokia 3510
Nokia 6510
Nokia 2600
Nokia 2100
Nokia 1100
Nokia 3310 (2017)
Nokia 3310 3G
Ukuran113 x 48 x 22 mm, 97 cc (4.45 x 1.89 x 0.87 in)[1]
Bobot133 gram (4.69 oz)
Panyimpenan-copotNo
BatréRemovable NiMH 900 mAh battery (BMC-3)
PakatonanMonochrome graphic

5 lines
Kaméra mburiNo
SwaraVibration; Downloadable monophonic ringtones

Sèri iki kawanuhaké ing taun 2000, diprodhuksi nganti taun 2005 lan duwé ukuran 113 x 48 x 22 mm déné boboté 133 gram. Layaré monokrom. Kanggo sesukan, uga ana game cacah 4 ya iku Snake II, Pairs II, Space Impact, Bantumi. Ringtone ing tilpun iki jinis monoponik. Kanggo sesambungan lewat tulisan, bisa nggunakaké sarana SMS. Batréné bisa dicopot, nganggo jinis NiMH kapasitas 900 mAh kanthi nomer seri BMC-3 lan bisa kanggo nganti 55 jam - 260 jam nalika standby lan tahan 2 jam 30 menit - 4 jam 30 nalika kanggo nélpon. Déné kanggo sesambungan, tilpun iki nggunakaké jaringan GSM.[1]

Punsèl umat sayuta

Nokia 3310 asring diarani punsèl umat sayuta amarga akèhé wong kang duwé punsèl iki nalika isih dipasaraké. Kaunggulan 3310 dibandhingaké punsèl liyané kang sejaman antarané saka batréné kang awèt, dhesain kang ringkes, antep lan kepénak digegem sarta punsèl iki ora gampang rusak sanajan tiba utawa kebanting. Saking pengkuhé Nokia 3310, banjur kanggo guyonan menawa punsèl iki ora bisa rusak sanajan dibom, padha pengkuhé karo Chuck Norris[7] lan malah kena kanggo gaman kang bisa gawé rusak apa waé kang ketaman.

Anané game Snake II, Pairs II, Space Impact lan Bantumi uga dadi kaunggulan kang disenengi para anom.[8] Nokia 3310 uga mayar dioperasèkaké kanthi menu kang prasaja, sahéngga wong kang lagi anyaran nduwé lan nganggo punsèl bisa cepet nyinaoni carané nganggo.

Rujukan