The Missing (filem)

The Missing inggih punika filem sandhiwara thriller saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel ing taun 2003. Filem punika dipunsutradarani Ron Howard, dhedhasar skénario anggitanipun Ken Kaufman, dipunangkat saking novèl pakaryanipun Thomas Eidson ingkang dipunbabar taun 1996 sesirah The Last Ride. Para juru paraga ingkang dadi paraga ing filem punika antawisipun Tommy Lee Jones, Cate Blanchett, Evan Rachel Wood, Jenna Boyd, Aaron Eckhart, lanVal Kilmer. Filem punika nggambaraken wekdal kawuri taun 1885 ing New Mexico Territory kanthi wicantenan ngagem basa Apache déning para paraga, ingkang sadèrèngipun sampun gladhèn bebasan.[4] Revolution Studios, Imagine Entertainment, lan Daniel Ostroff Productions minangka pandamel filem punika masrahaken dhumateng Columbia Pictures minangka juru dum.[5][6]

The Missing
Theatrical release poster
DisutradaraniRon Howard
DiprodhuseriBrian Grazer
Ron Howard
Daniel Ostroff
Ditulis déningKen Kaufman
AdhedhasarThe Last Ride
déning Thomas Eidson
DibintangiTommy Lee Jones
Cate Blanchett
Evan Rachel Wood
Jenna Boyd
Aaron Eckhart
Val Kilmer
DimusikiJames Horner
SinématografiSalvatore Totino
Dibesut déningDaniel P. Hanley
Mike Hill
Perusahaan
prodhuksi
Revolution Studios
Imagine Entertainment
Dibabar déningColumbia Pictures
Tanggal metu
Suwéné
137 menit[1]
NagaraAmérikah Sarékat
BasaBasa Inggris
Basa Spanyol
Basa Apache
Rantaman$60 yuta [2]
Kalarisan$38.4 yuta[3]

Ingkang maragani

  • Tommy Lee Jones-Samuel Jones/Chaa-duu-ba-its-iidan
  • Cate Blanchett-Magdalena "Maggie" Gilkeson
  • Evan Rachel Wood-Lilly Gilkeson
  • Jenna Boyd-Dot Gilkeson
  • Aaron Eckhart-Brake Baldwin
  • Val Kilmer-Lt. Jim Ducharme
  • Sergio Calderón-Emiliano
  • Eric Schweig-Pesh-Chidin/El Brujo
  • Elisabeth Moss-Anne
  • Steve Reevis-Two Stone
  • Jay Tavare-Kayitah
  • Simon R. Baker-Honesco
  • Deryle J. Lujan-Naazhaao
  • David Midthunder-Happy Jim
  • Clint Howard-Sheriff Purdy
  • Ray McKinnon-Russell J. Wittick
  • Max Perlich-Issac Edgerly

Latar wingking

Filem punika cekap nampi pangalembana, ketawis saking 58% pamirsa ngremi, kados ingkang kacathet déning Rotten Tomatoes.[7][8][9] Filem The Missing saged dipuntampi déning para wargi asli Amérikah Sarékat, awit saking medalipun wicantenan ingkang ngagem basa Apache kanthi prayogi.[4] Juru paraga kados ta Tommy Lee Jones, Jay Tavare, Simon R. Baker, lan sanèsipun sampun gladhèn basa dhialèk sadèrèngipun pandamelan filem.[10] Tavare ingkang kacathet minangka salah satunggalipun antawisipun 300 tiyang ingkang taksih saged ngendikan kanthi dhialèk Chiricahua, salajengipun dipunsuwun mbiyantu filem punika.[4] The Missing kasil ngempalaken arta dumugi $27 yuta saking saklebetipun nagari, lan $11.4 yuta saking manca nagari, kanthi gunggung ngancik $38.4 yuta.[3]

Rujukan

Pranala njawi