The Spectacular Now

filem taun 2013

The Spectacular Now nggih punika filem drama komedi romantis saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel taun 2013. Filem punika dipunarahaken déning James Ponsoldt. Skénario kaanggit déning Scott Neustadter lan Michael H Weber, dipunangkat saking novel The Spectacular Now pakaryanipun Tim Tharp. Juru damel kapasrahaken dhumateng Tom McNulty, Shawn Levy, Michelle Krumm lan Andrew Lauren. Wondéné juru paraga ingkang kadhapuk maragani filem punika antawisipun Miles Teller, Shailene Woodley, Brie Larson, Mary Elizabeth Winstead, Bob Odenkirk, Jennifer Jason Leigh lan Kyle Chandler.

The Spectacular Now
Barkas:The Spectacular Now film.jpg
Poster film The Spectacular Now
DisutradaraniJames Ponsoldt
DiprodhuseriTom McNulty
Shawn Levy
Michelle Krumm
Andrew Lauren
DiskénariyoniScott Neustadter
Michael H. Weber
AdhedhasarThe Spectacular Now
déning Tim Tharp
DibintangiMiles Teller
Shailene Woodley
Brie Larson
Mary Elizabeth Winstead
Bob Odenkirk
Jennifer Jason Leigh
Kyle Chandler
DimusikiRob Simonsen
SinématografiJess Hall
Dibesut déningDarrin Navarro
Perusahaan
prodhuksi
Andrew Lauren Productions
21 Laps Entertainment
Global Produce
Dibabar déningA24[1]
Tanggal metu
Suwéné
95 menit[2]
NagaraAmerika Serikat
BasaBahasa Inggris
Rantaman$2.5 juta[3]
Kalarisan$6,916,951[3][4]

Filem The Spectacular Now kagiyaraken kaping pisanipun wonten adicara Festival Film Sundance ing surya18 Januari 2013.[5] Lajeng ing Amérikah Sarékat filem punika kababar kanthi winatesan ing surya 2 Agustus 2013, lan surya 13 September 2013 kagem sagung pamirsa.[6] Filem punika nampèni pangalembana saking para juru kritik.

Pemeran

  • Miles Teller minangka Sutter Keely
  • Shailene Woodley minangka Aimee Finecky
  • Brie Larson minangka Cassidy
  • Jennifer Jason Leigh minangka Sara Keely
  • Kyle Chandler minangka Tommy Keely
  • Mary Elizabeth Winstead minangka Holly Keely
  • Dayo Okeniyi minangka Marcus
  • Andre Royo minangka Mr. Aster
  • Bob Odenkirk minangka Dan
  • Kaitlyn Dever minangka Krystal
  • Masam Holden minangka Ricky
  • Gary Weeks minangka Joe
  • Whitney Goin minangka Mrs. Finecky
  • Nicci Faires minangka Tara

Pangalembana juru kritik

Filem The Spectacular Now nampi pangalembana saking para juru kritik. Miturut Rotten Tomatoes, filrm punika nggadhahi pandhemen dumugi 92%, adhedhasar saking 156 pambiji, kanthi rata-rata 7.8/10.[7] Sawetawis miturut Metacritic, filrm pikantuk biji 82 saking 100.[8]

Box office

Filem The Spectacular Now kasil ngempalaken arta dumugi $6,852,971 saking panggiyaran ing Amerika Ler, lan $63,980 saking negari sanèsipun, kanthi gunggung $2.5 yuta.[3]

Rujukan

Pranala njawi