Tokyo Ghoul (film)

Tokyo Ghoul (東京喰種?) ya iku film horor aksi fantasi ila-ila Jepang lan nganggo Basa Jepang kang critané digawé saka seri manga Tokyo Ghoul déning Sui Ishida.[1][2] Film live-action iki wis dibabar ing Jepang tanggal 29 Juli 2017 kanthi besutan Kentarō Hagiwara.[2][3] Masataka Kubota dadi paraga protagonis (Ken Kaneki) lan Fumika Shimizu maragani minangka Touka Kirishima.[4] Yū Aoi maragani minangka Rize Kamishiro, Nobuyuki Suzuki maragani minangka Kotaro Amon lan Yo Oizumi maragani minangka Kureo Mado.[5]

Tokyo Ghoul
Jepang東京喰種
DisutradaraniKentarō Hagiwara
AdhedhasarTokyo Ghoul anggitané Sui Ishida
DibintangiMasataka Kubota
Fumika Shimizu
Yū Aoi
Nobuyuki Suzuki
Yo Oizumi
DimusikiDon Davis
Perusahaan
prodhuksi
Geek Sight
Dibabar déningShochiku
Tanggal metu
Suwéné
120 menit
NagaraJepang
BasaBasa Jepang

Plot

Ken Kaneki, kang ora bisa ngupadi manèh urip sawisé patemon kang bebaya karo Rize Kamishiro, sawijining ghoul, ya iku makhluk kang memper karo manungsa kang mburu lan mangan daging manugsa. Sawisé mari, Kaneki ngerteni yen gegara operasi kuwi, dhèwèké owah dadi setengah ghoul, lan kayadene wong akèh, dhèwèké kudu mangan daging manungsa supaya bisa urip. Ing kaanan kang ruwet lan ora duwé arah, dhèwèké dijipuk karo manajer kedai kopi "Anteiku", ya iku Yoshimura lan Touka Kirishima kang ngajari kanggo ngadhepi kauripan anyaré minangka setengah manungsa/setengah ghoul. Yoshimuran lan Kirishima ngajari kepriyé sesambungan karo masarakat ghoul lan ngadhepi pirang-pirang ghoul kang béda golongan, uga diajari cara ngupadi kanggo njaga wadi identitasé saka manungsa liyané.[6]

Paraga

  • Masataka Kubota minangka Ken Kaneki[2]
  • Fumika Shimizu minangka Tōuka Kirishima[2]
  • Nobuyuki Suzuki (鈴木伸之) minangka Kōtarō Amon[2]
  • Hiyori Sakurada minangka Hinami Fueguchi
  • Yū Aoi minangka Rize Kamishiro[2]
  • Yo Oizumi minangka Kureo Mado[2]
  • Kunio Murai minangka Yoshimura
  • Shunya Shiraishi minangka Nishiki Nishio
  • Shoko Aida minangka Ryōko Fueguchi
  • Shuntarō Yanagi minangka Renji Yomo
  • Kenta Hamano minangka Enji Koma
  • Bandō Minosuke II minangka Uta
  • Nozomi Sasaki minangka Kaya Irimi
  • Seika Furuhata minangka Yoriko Kosaka
  • Dankan minangka Hisashi Ogura

Prodhkusi

Fotografi Utama saka sasi Juli nganti sasi September 2016.[2]

Rujukan

Pranala Jawi