Yerusalem ing Yudaisme

Wiwit abad kaping-10 SM, Yerusalem sampun dados kutha tersuci, panceripun spiritual Yahudi.[1] Yerusalem sampun dangu mawujud wonten salebetipun kesadaran relijius Yahudi lan Yahudi tansah nyinaoni lan ngupadosaken Raja Daud saperlu ngrebut Yerusalem lan gegayuhanipun yasa Bait Allah wonten ing mrika, kadosta ingkang kasebut ing Kitab Samuel lan Kitab Mazmur. Sapérang pangimpèn Raja Daud tumrap Yerusalem kapundhut wonten donga-donga lan lagu-lagu populer. Yahudi mracayani bilih mbésukipun Bait Allah ingkang badhé kadamel malih ing Yerusalem dados panceripun ibadat lan piwulangan kagem sedaya umat manungsa, lajeng Yerusalem dados panceripun spiritual donya.[2]

Rujukan