Gunung Semèru utawa Sumèru iku gunung geni dhuwur dhéwé ing Pulo Jawa. Pucuké ingaran Mahamèru lan dhuwuré 3.676 mèter saka lumahing sagara (msls). Kawah ing pucuké Semèru kaloka kanthi jeneng Jonggring Salaka. Semèru duwé laladan alas dipterokarp gumuk, alas dipterokarp dhuwur, alas pagunungan, lan alas Erica. Pernahé gunung iki ana ing antarané Kabupatèn Malang lan Kabupatèn Lumajang, kanthi titik géografis antarané 8°06' Ujur Kidul lan 120°55' Alang Wétan.
Ing taun 1913 lan 1946, Kawah Jonggring Salaka ana kubahé, saéngga dhuwuré gunung 3.744,8 msls nganti pungkasané Novèmber 1973. Ing sisih kidulé, kubah iki njebol pinggiré kawah sing njalari iliné lava tumuju pèrèng kidul sing ngener laladan Pranajiwa lan Candhipura ing Lumajang.
Ing pucuké Gunung Semèru (Pucuk Mahamèru) ora diéntukaké lunga menyang Kawah Jonggring Salaka uga dilarang manjat saka sisih kidul amarga ana gas racun lan ilèn wlahar.