The Descendants nggih punika filemsandhiwarakomedhi saking Amérikah Sarékat taun 2011. Filem punika kaarahaken déning Alexander Payne. Juru damel film kapasrahaken dhumateng Jim Burke, Jim Taylor lan Alexander Payne. Skenario kagem filem punika dipunanggit déning Jim Rash, Nat Faxon lan Alexander Payne adhedhasar saking bukuThe Descendants pakaryanipun Kaui Hart Hemmings. Wondéne tanggel jawab sinematografi kapasrahaken déning Phedon Papamichael, lan juru besut kacepeng déning Kevin Tent. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani antawisipun George Clooney, Shailene Woodley, Beau Bridges, Robert Forster, Judy Greer lan Matthew Lillard.
Filem The Descendants dipuntepangaken kaping pisan nalika adicara Festival Film Internasional Toronto ing surya 10 September 2011.[4] Salajengipun kababar kagem pamirsa Amérikah Sarékat ing surya 16 November 2011 kanthi winatesan, lan 9 Desember 2011 pambabaran langkung wiyar.[5] Filem punika nampi pangalembana saking para juru kritik.
Filem The Descendants nampi pangalembana saking para juru kritik, kados ingkang kamot wonten Rotten Tomatoes, filem nggadhahi pandhemenan dumugi 89%, adhedhasar 246 pangulas, kanthi rata-rata 8,1/10.[6] Sawetawis miturut Metacritic, filem pikantuk biji 84 sakin 100, adhedhasar pambijinipun 43 juru kritik.[7]
Filem The Descendants kasil ngempalaken arta dumugi $82.584.160 saking pamirsa Amérika Lèr, lan $94.659.025 saking negari sanèsipun, kanthi gunggung $177.243.185, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pendamelan, nggih punika $20 yuta.[3]