The Descendants
The Descendants nggih punika filem sandhiwara komedhi saking Amérikah Sarékat taun 2011. Filem punika kaarahaken déning Alexander Payne. Juru damel film kapasrahaken dhumateng Jim Burke, Jim Taylor lan Alexander Payne. Skenario kagem filem punika dipunanggit déning Jim Rash, Nat Faxon lan Alexander Payne adhedhasar saking buku The Descendants pakaryanipun Kaui Hart Hemmings. Wondéne tanggel jawab sinematografi kapasrahaken déning Phedon Papamichael, lan juru besut kacepeng déning Kevin Tent. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani antawisipun George Clooney, Shailene Woodley, Beau Bridges, Robert Forster, Judy Greer lan Matthew Lillard.
The Descendants | |
---|---|
Barkas:Descendants film poster.jpg | |
Disutradarani | Alexander Payne |
Diprodhuseri | Jim Burke Jim Taylor Alexander Payne |
Diskénariyoni | Jim Rash Nat Faxon Alexander Payne |
Adhedhasar | The Descendants déning Kaui Hart Hemmings |
Dibintangi | George Clooney Shailene Woodley Beau Bridges Robert Forster Judy Greer Matthew Lillard |
Sinématografi | Phedon Papamichael |
Dibesut déning | Kevin Tent |
Perusahaan prodhuksi | Ad Hominem Enterprises |
Dibabar déning | Fox Searchlight Pictures |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 115 menit[1] |
Nagara | Amerika Serikat |
Basa | Bahasa Inggris |
Rantaman | $20 juta[2] |
Kalarisan | $177.243.185[3] |
Filem The Descendants dipuntepangaken kaping pisan nalika adicara Festival Film Internasional Toronto ing surya 10 September 2011.[4] Salajengipun kababar kagem pamirsa Amérikah Sarékat ing surya 16 November 2011 kanthi winatesan, lan 9 Desember 2011 pambabaran langkung wiyar.[5] Filem punika nampi pangalembana saking para juru kritik.
Juru paraga
- George Clooney minangla Matthew "Matt" King
- Shailene Woodley minangla Alexandra "Alex" King
- Amara Miller minangla Scottie King
- Nick Krause minangla Sid
- Beau Bridges minangla Hugh
- Judy Greer minangla Julie Speer
- Matthew Lillard minangla Brian Speer
- Robert Forster minangla Scott
- Patricia Hastie minangla Elizabeth King
- Mary Birdsong minangla Kai Mitchell
- Rob Huebel minangla Mark Mitchell
- Milt Kogan minangla Dr. Johnston
- Laird Hamilton minangla Troy
- Michael Ontkean minangla Sepupu Milo
- Matt Corboy minangla Kaiba
Pangalembana juru kritik
Filem The Descendants nampi pangalembana saking para juru kritik, kados ingkang kamot wonten Rotten Tomatoes, filem nggadhahi pandhemenan dumugi 89%, adhedhasar 246 pangulas, kanthi rata-rata 8,1/10.[6] Sawetawis miturut Metacritic, filem pikantuk biji 84 sakin 100, adhedhasar pambijinipun 43 juru kritik.[7]
Box office
Filem The Descendants kasil ngempalaken arta dumugi $82.584.160 saking pamirsa Amérika Lèr, lan $94.659.025 saking negari sanèsipun, kanthi gunggung $177.243.185, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pendamelan, nggih punika $20 yuta.[3]
Rujukan
Pranala njawi
- The Descendants ing Internet Movie Database
- The Descendants ing Box Office Mojo
- The Descendants ing Metacritic
- The Descendants ing Rotten Tomatoes