Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Wikipédia basa Jawa
Screenshot Wikipédia basa Jawa ing tanggal 1 Mèi 2021
Wikipédia basa Jawa (Carakan: ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮ) iku gagrag basa Jawa bauwarna gumathuk Wikipédia. Artikel utawa léma kapisané yaiku Basa Jawa, kang ditulis ing tanggal 8 Maret2004[1]. Tekan saiki (30 Mèi 2024), wis ana 73.449 artikel ing Wikipédia basa Jawa.
Wikipédia basa Jawa lumrahé mèlu paugeran-paugeran Wikipédia basa Inggris lan Wikipédia basa Indonésia. Ing Wikipédia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipédia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View.
Kaistiméwan Wikipédia basa Jawa yaiku akèh ngamot artikel-artikel bab prakara Kajawèn, mligi bab basa, sastra lan budaya Jawa.
Naraguna aktif
Naraguna mobah Wikipédia Jawa wiwité mligi pancèn saka Tanah Jawa, nanging lumrahé manggon lan ngaksès Wikipédia saka Jakarta. Yèn dibandhingaké karo Wikipédia basa Indonésia, Wikipédia basa Jawa cacahé naraguna kang kapratelan, saya manèh naraguna kang mobah sithik banget, yaiku nganti dina iki mung ana 62.497 naraguna kapratelan. Kamangka yèn dideleng saka cacahé penutur, basa Jawa iki penutur ibuné ana kurang luwih 60 yuta jiwa.[2]
Cara nulis
Pasang aksara utawa pangéjaan kang dinggo ing Wikipédia basa Jawa iku dhedhasar Ejaan resmi basa Jawa miturut Pusat Basa ing Ngayogyakarta weton taun 1991. Nanging ana prabédan utama dienggo ing sawatara kalawarti basa Jawa. Ing Wikipédia basa Jawa, minangka sawijining bauwarna, pasang aksara kang dienggo iku mèmper pasang aksara kang dienggo nulis ing bausastra. Dadi antara 'e' pepet lan 'é' (utawa 'è') taling dibédakaké. Dadi séjé karo kalawarti ing ngendi pepet lan taling ditulis padha waé minangka 'e' nglegena.
Saliyané Wikipédia, ana rong proyèk Wikimédia édhisi basa Jawa liyané, yaiku Wikisastra (Wiktionary) lan Wikisumber (Wikisource). Sapréné Wikisastra Jawa ndarbèni punjul 61.000 èntri, wondéné Wikisumber Jawa ndarbèni punjul 2.300 layang.[1][2]