Wikipédia basa Jawa

Wikipédia èdhisi basa Jawa
   

Wikipédia basa Jawa (Carakan: ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮ) iku gagrag basa Jawa bauwarna gumathuk Wikipédia. Artikel utawa léma kapisané yaiku Basa Jawa, kang ditulis ing tanggal 8 Maret 2004[1]. Tekan saiki (28 April 2024), wis ana 73.430 artikel ing Wikipédia basa Jawa.

Wikipédia basa Jawa

Screenshot Wikipédia basa Jawa ing tanggal 1 Mèi 2021
Jinising situs
Bauwarna online
Ana ing basaBasa Jawa
Kang duwéYeyasan Wikimedia
Situs jaringanjv.wikipedia.org
DagangOra
RègistrasiManasuka
Kababar8 Maret 2004

Wikipédia basa Jawa lumrahé mèlu paugeran-paugeran Wikipédia basa Inggris lan Wikipédia basa Indonésia. Ing Wikipédia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipédia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View.

Kaistiméwan Wikipédia basa Jawa yaiku akèh ngamot artikel-artikel bab prakara Kajawèn, mligi bab basa, sastra lan budaya Jawa.

Naraguna aktif

Naraguna mobah Wikipédia Jawa wiwité mligi pancèn saka Tanah Jawa, nanging lumrahé manggon lan ngaksès Wikipédia saka Jakarta. Yèn dibandhingaké karo Wikipédia basa Indonésia, Wikipédia basa Jawa cacahé naraguna kang kapratelan, saya manèh naraguna kang mobah sithik banget, yaiku nganti dina iki mung ana 62.025 naraguna kapratelan. Kamangka yèn dideleng saka cacahé penutur, basa Jawa iki penutur ibuné ana kurang luwih 60 yuta jiwa.[2]

Cara nulis

Pasang aksara utawa pangéjaan kang dinggo ing Wikipédia basa Jawa iku dhedhasar Ejaan resmi basa Jawa miturut Pusat Basa ing Ngayogyakarta weton taun 1991. Nanging ana prabédan utama dienggo ing sawatara kalawarti basa Jawa. Ing Wikipédia basa Jawa, minangka sawijining bauwarna, pasang aksara kang dienggo iku mèmper pasang aksara kang dienggo nulis ing bausastra. Dadi antara 'e' pepet lan 'é' (utawa 'è') taling dibédakaké. Dadi séjé karo kalawarti ing ngendi pepet lan taling ditulis padha waé minangka 'e' nglegena.

Tuwuhing artikel

TanggalCacahNgaran artikelDéningNaraguna[3]Suwé[4]Artikel/dina[5]
16 November 202060.000Salam Lintas AgamaLabdajiwa45.716? dina?
?50.000???? dina?
5 Oktober 201240.000Adus gedhéJV01 Muhammad Mabrur15.18341 dina24.3
25 Agustus 201239.000Krisis utang Éropah 2010Puryono14.68596 dina10.416
21 Mei 201238.000‎Muara Ciujung Wétan, Rangkasbitung, LebakPras13.352237 dina4,22
27 September 201137.000Taufiq EffendiJV015Chafid10.78036 dina27,78
22 Agustus 201136.000Ada BandPL203 Arum10.37516 dina62.5
6 Agustus 201135.000‎Guwa Son Doong‎PL 05 SIGIT10.16244 dina22,73
24 Juni 201134.000CrenarchaeotaNurulbaitirohmah9.77155 dina18,18
1 Mei 201133.000Lampah-Lampahanipun Radèn Mas Arya PurwalelanaMeursault20049.30377 dina12,99
12 Februari 201132.000Pucangtelu, Kalitengah, LamonganPuryono8.49428 dina35,71
15 Januari 201131.000Ketéla pohungPras8.240155 dina6,4
3 Agustus 201030.000Daun, Sangkapura, GresikBlackKnight7.12352 dina19,23
12 Juni 201029.000Tim nasional bal-balan JepangPras6.66929 dina34.,48
14 Mei 201028.000Goodluck JonathanPras6.43921 dina47,62
23 April 201027.000Bojong, Tretep, TemanggungPras6.26243 dina23,25
11 Maret 201026.000Jihing, Balai Riam, SukamaraSabudis5.89621 dina47,62
18 Februari 201025.000Kutha Palangka RayaSabudis5.69272 dina27,78
8 Desember 200923.000Murung B, Hantakan, Hulu Sungai TengahSabudis5.12159 dina33,90
10 Oktober 200921.000ISO 639-3Pras89 dina11,24
13 Juli 200920.000Kandhangserang, Kandhangserang, PekalonganPras3.863140 dina21,43
23 Februari 200917.000Paku-pakuanTracySurya2.793100 dina20,00
15 November 200815.000‎Kabupatèn Kutai KartanegaraPras2.10273 dina13,70
3 September 200814.000‎Padasaka, Candhimulya, MagelangPras1.67398 dina10,20
28 Mei 200813.000TriskaidekafobiaMeursault20041.053108 dina9,26
10 Februari 200812.000BuccianoPras80392 dina10,87
10 November 200711.000PuṣpacalitaMeursault2004718191 dina5,24
3 Mei 200710.000Margatiga, Lampung TimurSlamet Serayu50710 dina100,00
23 April 20079.000‎Tomohon Timur, TomohonSlamet Serayu49918 dina55,56
5 April 20078.000SugriwaAnggoro4852 dina500,00
3 April 20077.000224PancenaBot48459 dina16,95
3 Februari 20076.0001856Meursault200442719 dina52,63
15 Januari 20075.000PrzemyślMeursault2004404174 dina17,24
25 Juli 20062.000SarpanakaAnggoro273444 dina2,25
7 Mei 20051.000Kakawin RamayanaMeursault20047 dina71,43
30 April 2005500KejuMeursault2004275 dina1,09
29 Juli 2004200PoerbatjarakaMeursault200420 dina5,00
9 Juli 2004100Adigang, adigung, adigunaMeursault2004123 dina0,81
8 Maret 20041Basa JawaMeursault20043

Katrangan:

Proyèk liya

Saliyané Wikipédia, ana rong proyèk Wikimédia édhisi basa Jawa liyané, yaiku Wikisastra (Wiktionary) lan Wikisumber (Wikisource). Sapréné Wikisastra Jawa ndarbèni punjul 61.000 èntri, wondéné Wikisumber Jawa ndarbèni punjul 2.300 layang.[1][2]

Gladri

Deleng uga

Rujukan

Pranala njaba