Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèren, amarga ora kaiket ing aturan kaya déné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan minangka karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajeroning pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané.Geguritan iku duwèni aji- aji utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan énak kawaca.
Minurut wujudé, kasusastran iku jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan iku awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).