Kevin De Bruyne

juru bal-balan Bèlgi

Kevin De Bruyne (Pocapan ing basa Walanda: [ˈkɛvɪn də ˈbrœynə]; lair ing Drongen, Bèlgi, 28 Juni 1991; umur 32 taun) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Bèlgi ingkang samenika main ing Liga Primer Inggris klub Manchester City lan Tim Nasional Bèlgi.[3] Brunye main ing posisi gelandhang serang lan gelandhang sayap.[3]

Kevin De Bruyne
De Bruyne ing wawan wicara tim nasional Bèlgi
Katerangan priangga
Jeneng dawaKevin De Bruyne[1]
Tanggal lair (1991-06-28) 28 Juni 1991 (umur 32)
Papan lairDrongen, Ghent, Bèlgi[2]
Dhuwur1.81 m (5 ft 11 12 in)
Posisi mainMidfielder
Karir nom
1997–1999KVV Drongen
1999–2005Gent
2005–2008Genk
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2008–2012Genk97(16)
2012–2014Chelsea3(0)
2012–2013Werder Bremen (silihan)33(10)
2014–2015VfL Wolfsburg52(13)
2015–saikiManchester City225(60)
Tim nasional
2008–2009BèlgiU187(1)
2009–2010Bèlgi U1910(1)
2010–2011Bèlgi U212(0)
2010–saikiBèlgi97(25)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 14:43, 14 Januari 2023 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 1 Dhésèmber 2022

Karièr Klub

Wekdal taun 1997, Bruyne gabung kaliyan klub lokal, KVV Drongen lan kalih taun salajengipun gabung kaliyan klub Bèlgi K.A.A. Gent.[3] De Bruyne nglajengaken kariripun ing klub Racing Genk ing taun 2005. Usaha De Bruyne dados kasil awit dipunpilih mlebet skuad tim utami Racing Genk ing taun 2008.[3]

Taun 2009, De Bruyne gabung kaliyan tim senior Racing Genk, lan tetandhingan mengsah Charleroi ing tanggal 9 Mei 2009 dados tetandhingan De Bruyne ingkang kapisan.[3] Pertandhingan kasebat dipunmenangaken Charleroi kanthi skor 3-0.[3]

De Bruyne nyithak gol kang kawitan kanggé Racing Genk ing tanggal 7 Februari 2010 ing pertandhingan mengsah Standard Liege, ing pundi dipunmenangaken déning Racing Genk 1-0.[3] Racing Genk dados juwara Bèlgin Pro League mangsa 2010-2011, lan De Bruyne kasil nyumbang gangsal gol saking 13 tetandhingan ing liga wau.[3] De Bruyne nyithak hattrick kanggé wekdal kawitan ing tetandhingan Racing Genk mengsah klub Brugge ing tanggal 29 Oktober 2011. Tetandhingan kasebat dipunmenangaken Racing Genk kanthi skor 5-4.[3]

Ngantos pitung taun De Bruyne main ing klub Racing Genk, lajeng pindhah nilaraken Bèlgi. Piyambakipun pindhah dhateng klub Inggris, Chelsea.[4]

Namung setaun ing klub Chelsea, De Bruyne pindhah dhateng Jerman kanggé main ing klub Werder Bremen ing wulan Agustus 2012.[4] Lajeng De Bruyne nggabung ing klub Wolfsburg sacara permanen ing taun 2014.[4] Ing pertengahan taun 2015, De Bruyne wangsul malih dhateng Inggris amargi dipunrékrut klub Manchester City.[4]

De Bruyne dipunkontrak enem taun lan dipunboyong kanthi nilai transfer 55 yuta euro.[5] Regi kasebat ndarosaken De Bruyne dados juru main paling awis nomer kalih ing Liga Inggris sasampunipun Angel Di Maria ingkang dipuntumbas Manchester United.[5]

Jroning Angka

Klub

Panampilan lan gol adhedhasar klub, mangsa lan kompetisi
KlubMangsaLigaPiyala NasionalPiyala LigaEropahLiyanéGunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Genk2008–09Dhivisi Utama Belgia200020
2009–10Liga Pro Belgia353202010403
2010–11Liga Pro Belgia325003100356
2011–12Liga Pro Belgia288106010368
Gunggung9716301112011317
Werder Bremen (silih)2012–13Bundesliga3310103410
Chelsea2013–14Liga Primèr Inggris3000303090
VfL Wolfsburg2013–14Bundesliga16320183
2014–15Bundesliga3410611155116
2015–16Bundesliga20111041
Gunggung521392115107320
Manchester City2015–16Liga Primèr Inggris25711551034116
2016–17Liga Primèr Inggris366501071497
2017–18Liga Primèr Inggris3783142815212
2018–19Liga Primèr Inggris19242524000326
2019–20Liga Primèr Inggris3513213072104816
2020–21Liga Primèr Inggris2563140743910
Gunggung1774218622943101026167
Gunggung karir36281318259681640490114

Nagara

Panampilan lan gol adhedhasar tim nasional lan taun
Tim nasionalTaunPanampilanGol
Belgia201010
201110
201261
2013113
2014114
201584
2016121
201780
2018102
201964
202041
202121
Gunggung8021

Gol Internasional

Dhaptar gol internasional dicithak déning Kevin De Bruyne
NomerSuryaPapanMainMungsuhAngkaAsilKompetisi
112 Oktober 2012Stadhion Crvena Zvezda, Belgrade, Sèrbia6  Sèrbi2–03–0Kuwalifikasi Piyala Donya 2014
222 Maret 2013Philip II Arena, Skopje, Makédonia10  Makédonia1–02–0
37 Juni 2013Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia13  Sèrbi1–02–1
415 Oktober 201317  Wales1–01–1
526 Mèi 2014Cristal Arena, Gènk, Bèlgia21Luksembrug5–15–1Kekancan
61 Juli 2014Arena Fonte Nova, Salvador, Brasil25  Amérika Sarékat1–02–1Piyala Donya 2014
710 Oktober 2014Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia28  Andhorra1–06–0Kuwalifikasi Euro 2016
82–0
93 Sèptèmber 201534  Bosni lan Hérzégowina2–13–1
1010 Oktober 2015Estadi Nacional, Andorra la Vella, Andorra36  Andhorra2–04–1
1113 Oktober 2015StadhionKing Baudouin , Brussels, Bèlgia37  Israèl2–03–1
1213 Novèmber 201538  Itali2–13–1Kekancan
1328 Mèi 2016Stade de Genève, Lancy, Swis39  Switserlan2–12–1
1427 Maret 2018Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia59  Arab Saudi4–04–0
156 Juli 2018Kazan Arena, Kazan, Ruslan66  Brazil2–02–1Piyala Donya 2018
1611 Juni 2019Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia70  Sekotlan3–03–0Kuwalifikasi Euro 2020
179 Sèptèmber 2019Hampden Park, Glasgow, Sekotlen724–04–0
1819 Novèmber 2019Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia74  Siprus2–16–1
193–1
2018 Novèmber 2020Den Dreef, Leuven, Bèlgia78  Dhènemarken4–24–22020–21 UEFA Nations League A
2124 Maret 202179  Wales1–13–1Kuwalifikasi Piyala Donya 2022

Pranala njawi

(ing basa Indonésia) Kevin De Bruyne

Rujukan