Kiwi iki salah siji jinis manuk kang ora bisa mabur. Manuk iki urip ing Niu Selan saka génusApteryx(siji-sijiné génus ing family Apterygidae). Mnuk kiwi ukurane cilik, kaya pitik. Manuk iki kagolong spésies kang kaancam cures. Kiwi uga digunakaké simbol nagara Niu Selan.[1]Manuk kang ora bisa miber iki boboté mung 2–5 kg. Wulune wernane klawu utawa soklat. Manuk iki ora nduwé buntut, lare uga cilik. Cucuke cilik lan landhep. Béda karo manuk liyané bolongan irung manuk iki ana ing cedhak pucuk cucuke.[2]