Èlmu bumi

Èlmu bumi (Inggris: earth science, geoscience) iku istilah kanggo kumpulan cabang-cabang èlmu kang nyinaoni bumi. Cabang èlmu iki migunakaké gabungan èlmu fisika, géografi, matematika, kimia, lan biologi kanggo mbentuk siji pangertèn kuantitatif saka lapisan-lapisan bumi.

Globe minangka miniatur bumi

Èlmuwan ing babagan iki migunakaké metode ilmiah nalika nindakaké kajiané, yaiku formulasi hipotésa liwat observasi lan pangumpulan data ngenani fénoména alam sing diterusaké kanthi pangujian hipotésa-hipotésa mau. Ing èlmu bumi, peran data wigati banget kanggo nguji lan mbentuk siji hipotésa.

Cabang utama

  • Géologi nyinaoni lapisan wewaton saka kulit bumi (utawa litosfér) lan tetuwuhan sajarahé. Cabang utama saka èlmu iki yaiku mineralogi, pétrologi, géokimia, paléontologi, stratigrafi lan sèdimentologi.
  • Géofisika nyinaoni sipat-sipat fisis bumi, kaya wangun bumi, réaksi marang gaya, sarta médhan potènsial bumi (médhan magnet lan gravitasi). Géofisika uga nylidhiki interior bumi kaya inti, mantèl bumi, lan kulit bumi sarta kandhutan-kandhutan alaminé.
  • Géodesi nyinaoni obahing bintang lan satelit bumi.
  • Èlmu lemah nyinaoni lapisan paling njaba saka kulit bumi sing katut ing prosès pambentukan lemah (utawa pédosfèr). Dhisiplin èlmu utama antarané yaiku édafologi lan pédologi.
  • Oseanografi lan hidrologi nyinaoni pérangan banyu saka bumi (laut lan banyu tawar) utawa hidrosfèr. Sok-sok cabang èlmu iki digabungaké karo géofisika.
  • Glasiologi nyinaoni pérangan ès saka bumi (utawa kriosfèr).
  • Èlmu atmosfèr nyinaoni pérangan gas saka bumi (utawa atmosfèr) antarané lumah bumi tekan lapisan èksofèr (~1000 km). Cabang utama babagan iki yaiku météorologi, klimatologi, lan aéronomi.

Interaksi kang dumadi antarané lapisan-lapisan bumi marakaké akèh cabang modhérn èlmu iki sing nyinaoni kanthi ngakokaké pendekatan interdisiplin. Contohné yaiku kanggo mahami sirkulasi laut, interaksi antarané laut, atmosfèr, lan ubengan bumi uga kudu dipétungaké.

Pratélan sapérangan topik utama Èlmu Bumi

Atmosfer

Biosfer

  • Biogeografi
  • Paleontologi
    • Palinologi
    • Mikropaleontologi
  • Geomikrobiologi

Hydrosfer

  • Hidrologi
    • Glasiologi
    • Limnologi
  • Hidrogéologi
  • Oseanografi
    • Oceanografi kimia
    • Biologi kelautan
    • Géologi kelautan
    • Paleoseanografi
    • Oseanografi fisik

Lithosfer utawa geosfer

  • Géologi
    • Géologi ékonomi
    • Géologi rekayasa
    • Géologi lingkungan
    • Géologi sajarah
      • Glasiologi
      • Géologi kuarter
    • Géologi planit
    • Sedimentologi
    • Stratigrafi
    • Géologi struktur
  • Geokimia
  • Géomorpologi
  • Geofisika
    • Geokronologi
    • Geodinamik (pirsani uga Tektonik)
    • Geomagnetik
    • Gravimetri (uga péranganing Geodesi)
    • Seismologi
  • Hidrogéologi
  • Mineralogi
    • Kristalografi
    • Gemologi
  • Petrologi
  • Vulkanologi

Pedosfer

  • Èlmu lemah
    • Edafologi
    • Pedologi

Sistem

  • Èlmu sistem bumi
  • Géografi
    • Géografi manungsa
    • Géografi fisik
  • Téyori gaia
  • Èlmu holistik

Liyané

Cithakan:Cabang ngèlmu alam