Animasi

Animasi, utawa luwih akrab ingaran filem animasi, iku filem minangka asil pangolahan gambar tangan saéngga dadi gambar sing obah. Wiwitané, filem animasi digawé saka malembar-lembar kertas gambar sing sabanjuré di-"puter" saéngga muncul èfèk gambar obah. Kanthi bantuan komputer lan grafika komputer, agawé filem animasi dadi luwih mudah lan rikat. Malah pungkasan iki luwih akèh muncul filem animasi 3 dimènsi tinimbang filem animasi 2 dimènsi.

Animasi kanthi laju 10 frame per dhetik
Animasi jaran gawéan Edward Muybridge

Wayang kulit minangka salah siji wangun animasi tuwa dhéwé ing donya. Malah nalika tèknologi elektronik lan komputer durung tinemu, tontonan wayang kulit wis ngebaki kabèh èlemèn animasi kaya layar, gambar obah, dialog lan ilustrasi musik.

Filem Animasi kanthi kauntungan paling dhuwur

Nganti saiki, ana sawatara filem animasi sing mènèhi kauntungan sing gedhé, kaya déné Shrek 2 utawa Finding Nemo, sing kauntungané wis sakdhuwuring 800 yuta dollar, sing filem liya angèl banget ngéntukaké. Ing ngisor iki 20 filem animasi kanthi pametu paling dhuwur:

Rankingjeneng FilmStudioPengasilan donyaTaun
1Shrek 2DreamWorks SKG$919,838,7582004
2Ice Age: Dawn of the DinosaursBlueSky$878,701,2442003
3Finding NemoDisney/Pixar$864,625,9782003
4Shrek The ThirdDreamWorks SKG$798,958,1622007
5The Lion KingBuena Vista/Walt Disney$783,841,7761994
6UpDisney/Pixar$683,807,9812009
7Ice Age: The Meltdown20th Century Fox$655,388,1582006
8RatatouilleDisney/Pixar$643,707,3972007
9Kung Fu PandaDreamWorks SKG$631,736,4842008
10The IncrediblesDisney/Pixar$631,442,0922004
11Madagascar: Escape 2 AfricaDreamWorks SKG$603,900,3092008
12Monsters, Inc.Disney/Pixar$545,366,5972001
13WALL•EDisney/Pixar$533,268,2372008
14MadagascarDreamWorks SKG$532,680,6712005
15AladdinBuena Vista/Walt Disney$504,050,2191992
16Toy Story 2Disney/Pixar$485,015,1791998
17ShrekDreamWorks SKG$484,409,2182001
18CarsDisney/Pixar$461,983,1492006
19TarzanBuena Vista/Walt Disney$448,191,8191999
20Happy FeetWarner Bros.$384,300,0002006

Cathetan sikil

Pranala njaba