Awu vulkanik

Awu vulkanik ya iku awu kang ditokake déning gunung kang njeblug utawa bledhos bareng karo material-material liya kang panas.[1] Awu vulkanik nalika metu saka gunung kudu diadohi amarga panase.[1] Nanging nalika awu vulkanik wis adhem, lemah kang kena awu vulkanik mau dadi lemah kang subur.[1] Lemah iku diarani lemah vulkanik.[1] Lemah vulkanik iku kulite bumi kang kagawe saka material gunung kang njeblug, kang wis lapuk.[1] Lemah vulkanik iku lemah kang subur, amarga akèh usur hara kang kaandhut ing sajerone lemah iku. Lemah vulkanik akèh tinemu ing pèrèng-pèrèng gunung geni.[1]

Gunung Cleveland
Awu vulkanik.
Awu vulkanik

Awu vulkanik iku awu kang diasilake saka peleburan lan pengolahan bahan-bahan mineral.[1] Lemah kang ana awu vulkanike bakal dadi lemah kang subur, sugih mineral, lan bisa minangka nandur tuwuhan warna-warna.[1]Awu vulkanik béda karo awu biyasa.[2] Awu vulkanik wujudé luwih lembut tinimbang awu biyasa.[2] Saliyané iku warna awu vulkanik béda karo awu biyasa, warnané awu vulkanik klawu (klawu).[2]

Ing Indonesia panggonan kang akèh awu vulkanike iku panggonan kang cedhak karo gunung geni kang isih aktip.[1] Laladan kang akèh awu vulkanike contoné ing Jawa pérangan lor, Sumatera, Bali, Lombok, Halmahera, lan Sulawesi.[1] Jawa lan Sumatera duwé gunung geni paling akèh, mula panggonan kang ngandhung awu vulkanise uga paling amba.[1]

Cathetan suku