Billie Joe Armstrong

Billie Joe Armstrong
Billie Joe nalika pentas surya 2013 ing Nürnberg, Jerman
Pratélan latar wuri
ParabanBillie Joe
SakaRodeo, Amérikah Sarékat Amérika Sarékat
Mangsa akarya1986 - saiki
Sing magepokanGreen Day, The Network, Foxboro Hot Tubs
Sana jaringanWéb kantor saka Green Day
Akun Twitter saka Billie Joe

Billie Joe Armstrong iku salah sawijining personil saka band kawak Green Day. Wong lanang kelairan surya 17 Fèbruari 1972 ing kutha Oakland iki [1] wis magepokan karo Green Day miwiti taun 1986. Bebarengan karo Mike Dirnt, Billie Joe nggawé manéka warna aliran musik tema punk-rock. Billie Joe kaliyan Mike Dirnt iku sampun dadi rèncang rakét miwiti sékolah dhasar nalika ing umur 10 taun. Billie Joe punika lajéng kénalan karo Al Sorbante. Nalika taksih miwiti musik, Billie ditumbaské sèdhereké gitar Fender wujud Stratocaster.

Latar Wuri Uripé Billie Joe

Billie Joe iku urip lan gedhi ing kutha Rodeo, négara pérangan California. Miwiti sékolah dhasar lan umur taksih énom, tiyange nélateni babagan musik. Banjur umur 10 taun, nalika tindhak dhateng cafetaria utawa kantin, piyambake kénalan lan kétemu karo Michael Ryan Pritchard, uga sanès ya iku Mike Dirnt. Miwiti dhiskusi babagan musik, Billie Joe, magepokan karo Mike Dirnt, dhamel band kang asmané Sweet Children, barengan karo Sean Hughes lan Raj Punjabi [2].

Makarya Babagan Musik

Billie Joe sampun damel manéka wérna band sampingan. Piyambaké uga dikancani Mike Dirnt lan Tré Cool dhamél band-band wujud Green Day nanging wonten ing tampilan lan gaya musik kang sanès.

Green Day

Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsani Green Day.
  • 39/Smooth (1990) – Vokal lan pémain gitar
  • Kerplunk! (1992) – Vokal lan pémain gitar
  • Dookie (1994) – Vokal lan pémain gitar
  • Insomniac (1995) – Vokal lan pémain gitar
  • Nimrod (1997) – Vokal lan pémain gitar
  • Warning (2000) – Vokal lan pémain gitar
  • American Idiot (2004) – Vokal lan pémain gitar
  • 21st Century Breakdown (2009) – Vokal lan pémain gitar
  • ¡Uno! ¡Dos! ¡Tré! Trilogy (2012) – Vokal lan pémain gitar

Band sampingan Green Day, ya iku Foxboro Hot Tubs[3]

  • Stop Drop and Roll!!! (2008) – Vokal lan pémain gitar

Foxboro Hot Tubs iku salah sawijining proyék musik saka Green Day kang ngémot aliran garage rock. Sanés kaliyan aliran Green Day, Foxboro Hot Tubs iki diéwangi karo manéka rupa musisi kaya ta band Prima Donna lan uga anggota Green Day sanesé kaya ta Mike Dirnt, Tré Cool, lan Jason White [4]. Billie Joe uga tau dadi pèsakitan nalika ing dhuwur panggung, amarga botén narima kaputusan panitya panggonan manggung, amarga nalika taksih nyanyi, piyambaké dipunaturi bubar manggungé.

Cathétan Suku