Blangkon
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik [1] utawa lurik. Blangkon sajatiné wujud modhèren lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.
Jinis
Ana sawatara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antarané:
- Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
- Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
- Blangkon Kedhu.
- Blangkon Banyumas.
- Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing pérangan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawatara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, ya iku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.
Rujukan
Uga delengen
Pranala njaba
- Java Heritage - Blangkon Archived 2008-12-07 at the Wayback Machine.
Gallery
- Présidhèn kapisan Indonésia Sukarno ing mangsa cilikan
- Présidhèn ka enem Megawati lan kulawarga sing ngagem blangkon
- Radèn Saleh, pelukis Indonésia sing misuwur
- Panabuh gamelan ing Yogyakarta