Box office bomb

Filem ingkang mboten sukes

Box office bomb utawi box office flop inggih punika kaanan satunggalipun film ingkang ragantipun langkung kathah katimbang palebon ingkang kakempalaken saking sagung pambabaran ing gedhong-gedhong biyoskup.[1][2] Limrahipun, kasuksèsan satunggalipun prodhuksi film dipunukur saking bathinipun, dhedhasar kempalipun arta ing satunggalipun nagari. Kaanan punika adatipun dados sabab bangkrutipun perusahaan film.[3]

Sabab musabab

  • Tembung mboten saé ingkang kasebar babagan film punika
  • Saingan antawisipun film-film
  • Kaanan jawi[4]
  • Kathahipun wragad prodhuksi[5][6]

Pamulihan

Film-film ingkang wiwitanipun mboten suksès bokmenawi saget kapulihaken saking pangempalan arta wonten panggènan sanès. Salah satunggal prakawis, sakpérang film kirang dipunremeni déning para pamiarsa ing Amérikah Sarékat, nanging mboten makaten wonten cakupan internasional, saéngga saget nutup ilangipun arta, kepara ndadosaken suksès.[7][8] Film-film ugi saget kapulihaken miyos pangeduman internasional, panyadéyan wonten stasiun televisi, lan pangeduman miyos pangundhuhan, DVD, lan bayar saben mirsani.[9] Film-film sanèsipun kasil kapulihaken sasampunipun dangu sanget dipunbabar ing gedhong biyoskup, lajeng dados film ingkang dipunremeni wonten wekdal salajengipun. Film kados ta Blade Runner lan The Shawshank Redemption ingkang kasebat rugi nanging salajengipun kasil nampèni kasuksèsan lan misuwur.[10] Film-film daur ulang juga merupakan salah satu upaya dalam rangka pengembalian modal yang telah dikeluarkan pada film-film sebelumnya.

Dahptar box office bomb

Film mandhiri

Taun 2006, film mandhiri Zyzzyx Road namung ngempalaken arta $30 wonten box office Amérikah Sarékat. Film punika mbetahaken wragad dumugi $1.2 yuta, lan dipunparagani Tom Sizemore lan Katherine Heigl.[11][12] Miturut salah satunggalipun juru paraga Leo Grillo, karcis film punika kasade namung nem lembar, kangmangka kalih lembar kagunganipun para paraga.[13]

Sadèrèngipun, film Inggris Offending Angels dumados misuwur awit saking namung ngempalaken kirang saking £100.[14][15] Kangmangka, film punika sampun ngedalaken wragad 70,000 lan dipunwada déning para juru kritik, kalebet radhio BBC, ingkang nyebataken "tumpukan runtah ingkang saestu nggegirisi",[16] dan Total Film, yang karan sebagai "yang tidak dapat ditukar".[17] Taun 2011, film The Worst Movie Ever! ngempalaken arta $11 saking nem gedhong biyoskup.[18]

Rujukan

Pranala njawi

Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Box office bomb ing KamusWiki.