Canal+

Cithakan:Infobox TV Channel

Logo Canal+

Canal+ ("Canal Plus", ateges "Saluran Plus" wonten ing basa Perancis) minangka saluran televisi kanthi bayar premium Perancis ingkang dipundhirikan taun 1984. Kagunganipun Canal+ Group, ingkang salajengipun dipunparingaken dhateng Vivendi SA. Saluran punika nyiarkan sapérangan jinis program lan langkung kathah gadhah enkripsi, nanging nindakaken panyiaran sapérangan program tanpa enkripsi. Program tanpa enkripsi saged dipunpirsani gratis ing Canal+ lan lumantar satelit ing Canal+ Clair (Jelas).[1]

Sasampuning pangumuman babagan paluncuran saluran televisi Perancis ingkang kaping sekawan, Canal+wiwit mangudhara tanggal 4 November 1984. Taun 1986, saluran punika sampun gadhah satunggal juta pelanggan. Canal+ damel sajumlah filem auteur, kalebet The Straight Story déning David Lynch, Mulholland Dr., lan INLAND EMPIRE.[2]

Program

  • Acara TV Amérika Sarékat: 24 (24 heures chrono) ; 30 Rock ; Big Love ; Cold Case (Cold Case ing Canal+ lan Cold Case: Affaires Classées ing France 2) ; Damages ; Desperate Housewives ; Dexter ; How I Met Your Mother ; The L Word ; The New Adventures of Old Christine (Old Christine) ; The Office ; The Shield ; Two and a Half Men (Mon oncle Charlie) lan Weeds ; The Daily Show
  • Acara TV Amérika Sarékat punika dipunsiarkan ing Canal +: Boomtown ; Rome ; Six Feet Under ; Spin City ; Surface lan Will & Grace.
  • Acara Animasi TV Amérika Sarékat: American Dad! ; Drawn Together ; Family Guy (Les Griffin) ; South Park dan The Simpsons (Les Simpson).
  • Acara Realita TV Amérika Sarékat: The Simple Life.
  • Acara Animasi TV Jepang: Fullmetal Alchemist ; Monster ; Noir lan Samurai Champloo
  • Acara TV Britania Raya: Skins ; The Tudors (Les Tudors) ; The Office lan Spooks (MI-5).
  • Acara TV Kanada: Little Mosque on the Prairie.
  • Acara Asli TV Perancis: Les Guignols de l'info ; Groland ; Spiral (Engrenages) ; H ; Mafiosa ; Djihad ; La Commune ; Scalp ; Le Grand Jounal ; La Matinal ; +Clair ; L'édition spéciale ; Jeudi Investigation ; Dimanche+ ;
  • Acara Laré: Rugrats (Les Razmokets) ; Teletubbies ; lan The Cramp Twins.
  • Acara Ulah raga: UEFA Champions League ; Ligue 1 Orange (Liga Perancis) ; FA Premiere League ; La Liga Espanola ; La Lega Calcio (Liga Italia) ; Bundesliga German ; NFL (American Football) ; NHL ; WWE ; Summer Olympics Games ; IAAF Golden League lan Major League Baseball.

Cathetan suku

Cithakan:VivendiCithakan:Stasiun televisi PrancisCithakan:Anggota European Broadcasting Union