Club Atlético River Plate

Club Atlético River Plate utawi ingkang asring sinebut River Plate minangka sawijining klub bal-balan Argentina ingkang main ing Divisi Primera División Argentina. Kanthi markas ing Nuñez, Buenos Aires, Argentina. Dipundhirikaken taun 1901. Klub bal-balan punika sampun kaping 32 dados juwara ing Divisi Primera Argentina.[1]

Stadhion El Monumental Kandhang River Plate
River Plate
Jeneng jangkepClub Atlético River Plate
PeparabLos Millonarios
Diadegaké1901
LapanganEl Monumental,
Nuñez, Buenos Aires
Kapasitas66.266
KetuaArgèntina José María Aguilar
ManajerArgèntina Daniel Passarella
LigaDivisi Primera Argentina
2005 Apertura6
Seragam kandang
Seragam tandang

Profil

River Plate dipunbentuk rikala tanggal 25 Mèi 1901 minangka tandhingan saking tangganipun, Boca Juniors (lan salajengipun dados rivalitas abadi dumugi sapunika).

River wiwit misuwur ing éra 1940-an nalika gaya nyerang ingkang dipuntindakaken déning skuad River saged ngasoraken tim pundi kémawon nalika samanten. Kanthi 5 striker (Juan Carlos Muñoz, Jose Manuel Moreno, Adolfo Pedernera, Angel Labruna, lan Felix Loustau) gaya main River Plate saged dipunsamikaken kaliyan gaya Total Football ala Rinus Michels.[2]

Antawising taun 1952-1957, River menangaken 5 saking 6 gelar liga, sadéréngipun puasa gelar 18 taun salajengipun. River wangsul malih dhateng penampilan puncak rikala taun 1975 kanthi pelatih Angel Labrina lan sapérangan juru main top nalika samanten kados ta Ubaldo Fillol, Daniel Passarella, lan Norberto Alonso.

Nalika taun 1986, River menangaken Copa Libertadores kanggé kapisananipun. Nalika samanten juru main bintangipun inggih punika Claudio Caniggia.

Prestasi

Dumugi sapunika River sampun menangaken 32 gelar Liga Argentina, 1 Piala Interkontinental, lan 2 Copa Libertadores (1986 lan 1996). Nalika taun 1987, River menangaken Copa Interamericana sasampunipun ngasoraken LD Alajuelense saking Costa Rica. River minangka tim Argentina ingkang kapisanan ingkang saged ngawinaken gelar Supercopa kaliyan Torneo Apertura nalika taun 1997. saking kasuksesanipun punika, River naté mapan ing puncak pratélan klub paling apik ing donya nalika taun 1997 lan ndadosaken River minangka tim Argentina ingkang angka pisan ingkang saged medal ing puncak pratélan ingkang dipunrilis déning IFFHS mau.

Nalika taun 1999, River dipunnobataken minangka klub paling apik Argentina abad ke-20 déning FIFA amargi langkung kathah menangaken gelar Liga Argentina ketimbang Boca Juniors (19 gelar) lan Independiente (13).

Rivalitas

Rival abadi River Plate boten sane inggih punika klub inglkang satunggal kutha wonten ing Buenos Aires, sinten malih manawi sanès Boca Juniors. Duel kekalihipun biyasa dipunsebut minangka Superclasico. Saben kapanggih swasana meriah punapa déné ngganda kakisruhan pesthi kadadosan. Meh boten wonten tembung damai ing antawising kekalihipun dumugi wekdal sapunika. Adedhasar mau, BBC nyebutaken bilih tetandhingan River Plate vs. Boca Juniors inggih punika salah satunggaling derby paling apik ing donya.[3]

Cathetan suku