Dan-Axel Zagadou

Dan-Axel Zagadou (miyos 3 Juni 1999) inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Prancis ingkang main bal ing klub Bundhesliga Jerman Borussia Dortmund lan pikantuk tugas minangka pemain bék tengah.[2]

Dan-Axel Zagadou
Zagadou ing Borussia Dortmund taun 2017
Katerangan priangga
Jeneng dawaDan-Axel Zagadou
Tanggal lair (1999-06-03) 3 Juni 1999 (umur 24)
Papan lairCréteil, Prancis
Dhuwur1.96 m (6 ft 5 in)[1]
Posisi mainCentre-back, Left-back
Katerangan klub
Tim saiki
Borussia Dortmund
Angka2
Karir nom
2006–2011Créteil
2011–2016Paris Saint-Germain
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2016–2017Paris Saint-Germain B9(0)
2017–Borussia Dortmund11(1)
Tim nasional
2014–2015Prancis U1613(2)
2015–2016Prancis U1710(0)
2016–2017Prancis U189(0)
2017–Prancis U196(1)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 25 November 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 11 November 2017

Karièr Klub

Karièr Awal

Zagadou miwiti karir junior ing klub US Créteil, lan salajengipun pindhah dhateng klub Paris Saint-Germain ing umur kalih welas taun, ing taun 2011. Piyambakipun lajeng nelasaken gangsal musim salajengipun ing akadhemi PSG, lan lajeng mlebet ing skuad cadhangan ing taun 2016 lan nindakaken sangang tetandhingan ing CFA 2016-2017.[3]

Borussia Dortmund

Tanggal 5 Juni 2017, klub Jerman Borussia Dortmund ngumumaken ngrawuhaken Zagadou kanthi status bebas transfer lan dipunkontrak gangsal taun.[4] Tanggal 28 Oktober 2017, piyambakipun damel gol kapisanan ing Dortmund sanajan kalah 4-2 nglawan Hannover 96 lan piyambakipun ugi pikantuk kartu abrit ing menit kaping 59.

Pranala Njawi

Rujukan