Derek Walcott

Derek Walcott ya iku penyair lan dramawan.[1][2]Lair ana Castries, Saint Lucia, tanggal 30 Januari 1930.[1]Pakaryane njelajahi pengalaman kabudayan Karibia.[1]Dhèwèké nampa Pahargyan Nobel Sastra taun 1992.[1][2]

Derek Walcott (2008)

Pengalamane urip ana pulau vulkanik pencil, sawijining pulau kang tau dilungguhi koloni Inggris, gawé pengaruh gedhé ana uripé lan pakaryane.[2]Simbahe ujar-ujare keturunan budak.[2]Bapake, pelukis cat air Bohemian, séda nalika Derek Walcott lan kembarane, Roderick, agi umur-umur bocah.[2]

Sawisé sekolah ana St. Mary's College ana pulaune, lan ana University of the West Indies ana Jamaika, Walcott menyang Trinidad taun 1953.[2]Ing kana dhèwèké makarya minangka kritikus teater lan seni.[2]Taun 1959, dhèwèké ngedhegake Trinidad Theatre Workshop kang nggelar lakon-lakon gaweyane.[2]

Sawektu umur 18 taun, dhèwèké gawé pagelaran kanthi 25 geguritan.[2]Trobosane teka kanthi kumpulan geguritan In a Green Night taun 1962.[2]

Cathetan suku

Pranala njaba