Dian Sastrowardoyo

Diandra Paramitha Sastrowardoyo (ꦢꦶꦲꦤ꧀‌ ꦯꦱ꧀ꦠꦿꦮꦂꦢꦪ), misuwur ing masarakat kanthi asma Dian Sastrowardoyo (lair ing Jakarta, 16 Maret 1982; umur 42 taun) inggih punika salah satunggalipun artis saking Indonesia.[2]

Dian Sastrowardoyo
LairDiandra Paramitha Sastrowardoyo
(1982-03-16) Maret 16, 1982 (umur 42)
Jakarta, Indonesia
PakaryanArtis, Produser, Presenter, Model
Taun aktif1996 - sapunika
Dhuwur160 cm (5 ft 3 in)
BojoIndraguna Sutowo[1]

Karier

Dian Sastrowardoyo miwiti karieripun ing jagad hiburan taun 1996, minangka juara 1 ing ajang GADIS Sampul ingkang dipunwontenaken déning kalawarta GADIS. Panjenenganipun dados ikon kebangkitan filem nasional sesarengan kaliyan kancanipun ing filem AADC, Nicholas Saputra. Filmipun ingkang wiwitan inggih punika Bintang Jatuh (2000), karya Rudi Sujarwo, dipunsebaraken lokal ing kampus-kampus lan boten dipunstel ing biyoskup. Ing filem kasebat piyambakipun main kaliyan Marcella Zalianty, Garry Iskak lan Indra Birowo. Film ingkang salajengipun ing taun 2001, Pasir Berbisik piyambakipun main kaliyan Christine Hakim, Slamet Rahardjo lan Didi Petet. Kanthi filem punika, Dian Sastrowardoyo dipunparingi kanugrahan paraga wanita ingkang saé piyambak ing Festival Film Internasional Singapura (2002) lan Festival Film Asia ing Deauville, Prancis (2002).[2][3]

Sekolah

  • TK: Don Bosco
  • SD: SD Strada Van Lith II, Duren Sawit, Jakarta
  • SMP: SMP Vincentius Otista, Jakarta
  • SMA: SMA Tarakanita I, Pulo Raya, Jakarta
  • S1: Jurusan Filsafat, Fakultas Ilmu Pengetahuan Budaya, Universitas Indonésia (lulus Juli 2007)

Filmografi

Film

  • Cintaku Di Kabut Toba (2010)-Seruni kaliyan artis "Nicholas Saputra"
  • Fana: The Forbidden Love (2010)-Gayo kaliyan artis "Dude Harlino"
  • Drupadi (2009)-Drupadi-kaliyan artis "Nicholas Saputra"
  • 3 Doa 3 Cinta (2008)-Dona Satelit-kaliyan artis "Nicholas Saputra"
  • Belahan Jiwa-Benny (2006)-Cempaka-kaliyan artis "Rachel Maryam" "Nirina Zubir" "Marcella Zalianty" and "Dinna Olivia"
  • Ungu Violet (2005)-Kalin-kaliyan artis "Rizky Hanggono"
  • Banyu Biru (2005)-Sula-kaliyan artis "Tora Sudiro"
  • Puteri Gunung Ledang (2005)-Medicine Seller's Daughter (cameo)
  • Arisan! (2004)-Woman in Gallery (cameo)
  • Ada Apa dengan Cinta? (2002)-Cinta-kaliyan artis "Nicholas Saputra" and actress "Titi Kamal"
  • Pasir Berbisik (2001)-Daya-kaliyan artis "Christine Hakim"
  • Bintang Jatuh (2000)-Donna

TV

  • Panasonic Cinema-minangka panatacara
  • Dunia Tanpa Koma (2006)-dados paraga ingkang nama Raya

Iklan

  • LUX
  • L'OREAL
  • SAMSUNG CORBY
  • NATUR-E
  • PANASONIC
  • MENTARI INDOSAT
  • SUNSILK
  • KIDZANIA

Kanugrahan

  • 1st Winner GADIS SAMPUL 1996 teen covergirl competition ing kalawarta Gadis
  • Festival Film Indonésia 2004 "Best Actress"-Ada Apa Dengan Cinta
  • Deauville Asian Film Festival 2002 "Best Actress"-Pasir Berbisik
  • SCTV Award 2002 "Most Favorite Actress Nominated"
  • Singapore International Film Festival 2002 "Best Actress"-Pasir Berbisik
  • Hawai International Film Festival 2003 "Best Actress"-Ada Apa Dengan Cinta
  • Malaysian Film Festival 2003 "Most Favorite Indonésian Actress"-Ada Apa Dengan Cinta
  • Festival Film Bandung 2003 "Best Actress"-Ada Apa Dengan Cinta
  • Asia Pacific Film Festival 2005 "Most Promising Actress"-Banyu Biru
  • MTV Asia Movie Award in Singapore 2005 "Most Favorite Actress"-Ungu Violet
  • MTV Indonésia Movie Award 2005 "Most Favorite Actress"-Ungu Violet
  • Pusan International Film Festival 2009 "Silver Award for Leading Female Performance"-3 Doa 3 Cinta
  • Bali International Film Festival 2009 "Best Supporting Actress"-3 Doa 3 Cinta
  • ELLE Film Magazine USA Award 2009 "Actress of The Year"-3 Doa 3 Cinta
  • USA Magazine Indonésia Award 2010 "Most Favorite Actress"-Drupadi

Video Musik

  • Xirus Indonésia "Yang Terdalam" (2010)
  • Glenn Fredly "Hitam Putih" (2009)
  • Peterpan "Menghapus Jejakmu" (2007)
  • T-Five "Yang Terindah" (2002)
  • Déwa "Sayap-sayap Patah" (2001)
  • Shelomita "Langkah" (2000)
  • Katon Bagaskara "Cinta Selembut Awan" (2000)
  • Sheila on 7 "J.A.P" (1999)
  • Sheila on 7 "Anugerah Terindah" (1999)
  • The Fly "Air Mata Sunyi" (1999)
  • KLA Project "Gerimis" (1996)

Cathetan suku

Pranala njawi