G-Dragon

권지용 Kwon Ji Yong
Pratélan latar wuri
ParabanG-Dragon, GD
SakaSeoul, Koréa Kidul
GénreHip hop, K-pop
Mangsa akarya2001-saiki
LabèlYG Entertainment
Sing magepokanBig Bang, GD & TOP

Tapa asmané G Dragon
G-Dragon
Hangul
Hanja
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaGwon Ji-yong
McCune–ReischauerKwŏn Chiyong
Jeneng panggung
Hangul지드래곤
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaJi deuraegon
McCune–ReischauerChi Tŭraegon

Kwon Ji Yong (Koréa: 권지용), kang lair surya kaping 18 Aguatus 1988, utawa kondhang GD lan kondhang kanthi jeneng panggung, G-Dragon (Koréa: 지드래곤), yaiku rapper, penyanyi, penulis tembang, prodhuser lan model saka Koréa Kidul.

Sawisé 6 taun dadi trainee ing label rekaman YG Entertainment, G-Dragon resmi miwite debuté minangka kang mandégani lan salah sawijiné rapper kelompok Boyband Koréa Big Bang. G-Dragon dadi penulis tembanglan mroduksi, tembang-tembang Big Bang, tuladhané "Lies", "Last Farewell", lan "Haru Haru".

Dhèwèké ngrilis album debut soloné, Heartbreaker ing taun 2009. Album iki dadi salah sawijiné album kang paling sukses ing taun iki, bisa payu punjul 200.000 eksemplar lan menang ing Mnet Asian Music Awards for Album of the Year. Heartbreaker uga dadi kontroversi gedhé, amarga ditudhuh plagiarisme. Sawisé absen nganti arep setaun, G-Dragon lan kanca sebandné, T.O.P kolaborasi ngrilis album G-Dragon & T.O.P ing taun 2010. Album iki dirilis kanthi 3 tembang yaiku: "High High," "Oh Yeah," dan "Knock Out," kang sakabèhé manggong ing posisi nomer telu paling dhuwur ing Gaon chart, lan "High High" dadi chart sing paling dhuwur.

Diskografi

Delengen uga: Diskografi Big Bang
Album Studio
  • Heartbreaker (2009)
  • TBA (2012)
Album Kolaborasi
  • GD & TOP dengan T.O.P (2010)
Album Live
  • Shine a Light (2010)

Filmografi

Video Klip
TaunIrah-IrahanParaga
2001Jinusean - "AYO"Nom-nomané Jinu
20031TYM - "Hot"Awaké Dhéwé
2004Jinusean - "Telephone number"Awaké Dhéwé
2009Seungri - "Strong Baby"Awaké Dhéwé
2010Taeyang - "I Need A Girl"Awaké Dhéwé
2012SE7EN - "When I Can't Sing"Awaké Dhéwé

Bebungah

TaunBebungah
2007
  • 2007 Mnet KM Music Festival: Music Arrangement ("Lies")[1]
2009
  • 38th Cyworld Digital Music Award: Song of the month (September) "Heartbreaker"[2]
  • 2009 Mnet Asian Music Awards: 2009 Best Album of the Year "Heartbreaker"[3]
  • 2009 Melon Music Awards: 2009 Album of the Year "Heartbreaker"[3]
  • 2009 Melon Music Awards: 2009 Top 10[3]
2010
  • 2010 Cyworld Digital Music Awards: Ting’s Choice Award[4]
  • 2010 Cyworld Digital Music Awards: Bonsang Award[4]
  • 2010 MTV Video Music Awards Japan: Best Collaboration Video (Rain is Fallin')[5]

Cathetan suku

Pranala njaba