Gemak | |
---|---|
Manuk Gemak | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Galliformes |
Famili: | Phasianidae |
Genera | |
|
Gemak ya iku salah siji jinis manuk saka kulawarga familia Phasianidae.[1] Saka wujudé, manuk puyuh wujudé cilik rupa ireng semu putih ing lar-e.[1]Gemak kagolong kulawarga unggas darat kang cilik lan lemu. Gemak duwé pakulinan mangan wiji-wijian lan asring uga mangan kéwan kaya ta kalamangga lan kéwan kang cilik. Gemak duwé susuh ana ing lemah, ya iku ana ing ngisor suket utawa grumbul ing sawah utawa tegalan. Gemak bisa lumayu lan mabur kathi rikat lan dhuwur nanging ora bisa adoh. Aneka warna jinis manuk puyuh kaya ta puyuh jepang ya iku migratori uga bisa miber kanthi jarak kang aduh. Manuk puyuh Jepang uga diternakake minangka ngasilaké endhog.
Puyuh kalebu salah siji jinis manuk kang ora bisa mabur saka spésies utawa subspesies génus Coturnix.[2][3][4] Ing Jawa, ana uga kang nyebut Gemak.[2][3][4] Saka basa asing Quail, utawa manuk alasan kang sapisan diternaake déning bangsa Amérikah Sarékat, taun 1870.[2][3][4] Ing Indonésia, puyuh wiwit dikenal lan diternak nalika pungkasane taun 1979.[2][3][4]
Manuk puyuh duwé manfaat kaya ta:[2]
Endhog puyuh duwé ukuran cilik.[3] Sanajan cilik kandhutan gizine gedhé.[3] Biasane endhog puyuh dimasak kanthi digodhog utawa dicampur karo sayuran kaya ta campuran sambel kenthang, isi bakso, tahu lan somay.[3]Endhog puyuh uga bisa kanggo diet amarga bisa ngurangi prosès penimbunan lemak.[5]
Zat Gizi | Endhog Puyuh |
---|---|
Energi (kkal) | 158 |
Protein (g) | 13,05 |
Total lemak (g) | 11,09 |
Karbohidrat (g) | 0,41 |
Kalsium/Ca (mg) | 64 |
Bes/Fe (mg) | 3,65 |
Magnesium/Mg (mg) | 13 |
Fosfor/P (mg) | 226 |
Kalium/K (mg) | 132 |
Natrium/Na (mg) | 141 |
Seng/Zn (mg) | 1,47 |
Tembaga/Cu (mg) | 0,062 |
Mangan/Mn (mg) | 0,038 |
Selenium/Se (mkg) | 32,0 |
Thiamin (mg) | 0,069 |
Riboflavin (mg) | 0,478 |
Niasin (mg) | 0,070 |
Asam Panthothenat (mg) | 1,438 |
Vitamin B6 (mg) | 0,143 |
Kolin (mg) | 263,4 |
Vitamin B12 (mkg) | 1,58 |
Vitamin A (IU) | 543 |
Vitamin E (mg) | 1,08 |
Vitamin K (mkg) | 0,3 |
Kolesterol (mg) | 844 |
Lutein+zeaksantin (mkg) | 369 |
Sumber: USDA (2007)