Jaringan (Biologi)

Jaringan iku sakumpulan sèl kang duwé rupa lan fungsi padha.[1] Jaringan ing kéwan iku ana:

  • Jaringan épitèl, jaringan iki duwé fungsi kanggo ngelapisi bolongan utawa gronggongan lan ing saluran awak. Jaringan iki mbentuk kulit kang mbungkus awak.[1]
  • Jaringan ikat, jaringan iki fungsiné kanggo naléni lan nghubungaké jaringan[1]
  • Jaringan rangka/balung, jaringan iki kanggo nyokong, ngelindhungi awak, lan dadi alat obahé manungsa.[1]
  • Jaringan Getih, fungsi jaringan iki ya iku kanggo ngédharaké zat panganan lan oksigén, uga ngangkud lewihan métabolisme mara alat pengeluaran.[1]
  • Jaringan Saraf, jaringan iki fungsiné kanggo sistem koordhinasi lan nerusaké rangsang (stimulus) [1]
  • Jaringan Otot, jaringan iki fungsiné kanggo njurung fungsi owah[1]

Jaringan ing Tuwuhan[1]

  • Jaringan Épitél, jaringan iki fungsiné padha baé karo jaringan épitél ing kéwan[1]
  • Jaringan Mésofil, fungsiné kanggo gawé panganan ing prosés fotosintésis[1]
  • Jaringan Parénkim (dipirantèni plastida) Plastida kang ora kena srengéngé kanggo cadhangan panganan lan kang kena srengéngé kanggo fotosintésis.[1]
  • Jaringan Pembuluh, Jaringan pembuluh iki ana loro jinisé ya iku Xilém lan Floém.[2] Xylem duwé fungsi kanggo ngangkud banyu lan uyah mineral saka oyod mara godhong.[2]
  • Jaringan Sklérénkim, kanggo nyokong lan nguatakéawaké tuwuhan[2]
  • Jaringan Méristem kanggo ngasilaké sél-sél anyar kanggo pertumbuhan[2]

Cathetan suku