Kabupatèn Magelang

kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia

Kabupatèn Magelang (Jawa: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦒꦼꦭꦁ) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing loré provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, kanthi kacamatan Mungkid minangka kutha krajané. Jembar wewengkon kabupatèn iki udakara 1.085,73 km².[3]Magelang iku dunungé ana ing dataran Kedu, antarané gunung Merbabu lan gunung Sumbing ing Jawa Tengah, Indonésia. Miturut struktur papréntahané, Magelang kapérang dadi 2, yaiku kabupatèn Magelang lan kuthamadya Magelang.

Magelang
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Magelang Gemilang: Gemah, Ripah, Iman, Cemerlang
Koordhinat: 7°25′50″S 110°17′00″E / 7.4305237°S 110.2832217°E / -7.4305237; 110.2832217 110°17′00″E / 7.4305237°S 110.2832217°E / -7.4305237; 110.2832217
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanMungkid
Kacamatan[1]
Pamaréntahan
 • BupatiZaenal Arifin, S.IP[2]
Laladan
 • Gunggung1,085,73 km2 (0,419 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2008)
 • Gunggung1,144,000
 • Pepadhet1,100,000/km2 (2,700,000/sq mi)
Zona wektuWIK (UTC+7)
Situs wèbwww.magelangkab.go.id/v2/ (ing basa Indonésia)

Sajarah

Géografi

Magelang dumunung ing tengah-tengahé Pulau Jawa lan ana ing persimpangan poros utama Yogyakarta-Semarang, Yogyakarta-Wonosobo, lan Semarang-Kebumèn-Cilacap. Magelang adohe kira-kira 65 kilomèter saka Semarang lan 42 kilomèter saka Yogyakarta. Dumunung ing antarané 110o 01 51 lan 110o 26 58 Bujur Timur lan antarané 7o 19 13 lan 7 42 16 Lintang Selatan. Kabupatèn Magelang duwé amba 18,13 kilomèter pasagi utawa 108.573 Ha, kira-kira 3,34% saka ambané Proponsi Jawa Tengah. Cacahe warga yaiku 124.627 jiwa kapérang ing 17 kalurahan lan telu kacamatan. Magelang diubengi gunung-gunung lan bukit kaya ta Sindoro, Sumbing, Perahu, Telomoyo, Merbabu, Merapi, Andong, lan Menoreh. Ing Sajeroning kutha Magelang ana bukit cilik kang arane "Gunung Tidar" dumunung ing jantung kutha kanthi dhuwuré kira-kira 500 mèter sadhuwure sagara. Magelang duwé iklim sejuk kanthi témperatur watara 25-27 drajat celcius.[4]

Miturut penggunaannya, ambané sawah ing Kabupatèn Magelang surut yaiku dadi 37.323 Ha utawa kira-kira 34,29% saka sakabehing ambané Kabupatèn Magelang. Kamangka, ambané lahan kering mundhak, yaiku dadi 71.341 Ha utawa 65,71 %. Saka ambané sawah kang 37.323 Ha; 23,28% berpengairan sedherhana; 22,19% minangka sawah tadah udan, 17,79% minangka sawah kang berpengairan teknis; lan 14,54% minangka sawah berpengairan setengah teknis. Lahan garing kang dinggo tegalan, kebon kira-kira 50,81% saka sakabehing amba lahan garing. Prosentase mau minangka angka gedhé dhéwé yèn dibandhingake karo prosentase penggunaan lahan garing kang liya.[5]

Papréntahan

Kabupatèn Magelang ketata saking 21 kacamatan, lan 372 kalurahan utawa désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Magelang yaiku:[6]

Panganan lan Plesiran

Panganan kas

  • Gethuk trio
  • Getuk gondok
  • Wajik Ny. Week
  • Tape ketan Muntilan
  • Salak Nglumut
  • Kupat Tahu

Plesir

Yèn ing pariwisata, tlatah iki kondhang amarga tinggalan candhi-candhi jaman Jawa Kuna ing tangane Wangsa Syailendra. Prasasti-prasasti uga nudhuhake yèn tlatah kéné mbiyèn kawentar. Tinggalan kang kondhang yaiku Candhi:[7]

Deleng uga

Pranala njaba

Cathetan suku