Kali Kuning

Kali Kuning utawa Huang He (Tionghoa: 黃河; Pinyin: Huáng Hé; kadhangkala cukup diarani "Kali" ing Cina kuna) iku sawijining kali kang nomer loro dawané ing nagara Cina (sawisé Kali Yangtze) lan nomer 6 paling dawa ing donya, ya iku dawané 5,464 kilomèter (3,398 mi).[1] Miwiti saka Gunung Bayankala ing Provinsi Qinghai ing nagara Cina sisih kulon, kali iki mili ngliwati 9 provinsi ing Cina tumuju Sagara Bohai. Dhaérah ilèn Kali Kuning jembaré saka kulon mangétan watara 1900 km (1,180 mi) lan saka lor mangidul watara 1100 km (684 mi). Total jembaré watara 752,443 km² (290,520 mi²).

Kali Kuning
Masalah skrip: Fungsi "getImageLegend" ora ana.
Kapernah
Kahanan fisik
PungkasanéSagara Bohai
Dawané5464 km (3398 mi)
Artikel iki ngandhut aksara Cina.
Tanpa dhukungan multibasa, manawa mung katon tandha pitakon, utawa kothak-kothak, lan dudu aksara Cina.

Anak Kali

Anak Kali Kuning antarané:

  • Kali Putih (白河)
  • Kali Ireng (黑河)
  • Kali Huang (湟水)
  • Kali Zuli (祖厉河)
  • Kali Qingshui (清水河)
  • Kali Dahei (大黑河)
  • Kali Kuye (窟野河)
  • Kali Wuding (无定河)
  • Kali Fen (汾河)
  • Kali Wei (渭河)
  • Kali Luo (洛河)
  • Kali Qin (沁河)
  • Kali Dawen (大汶河)

Rujukan lan wacan

  • Sinclair, Kevin. 1987. The Yellow River: A 5000 Year Journey Through China. (Based on the television documentary). Child & Associates Publishing, Chatswood, Sydney, Australia. ISBN 0-86777-347-2
Kali Kuning

Uga delengen

  • Géografi Cina
  • Pratélan kali ing Asia
  • Pratélan kali ing Cina
  • Sagara Kuning

Pranala njaba

34°55′19″N 97°30′43″E / 34.92194°N 97.51194°E / 34.92194; 97.51194